Lempung iku tembung umum tumrap partikelmineral mawa krangka dhasar siliket kangdiameteré kurang saka 4 mm (mikromèter). Lempung ngandhut leburan silika lan/utawaaluminiyum kang alus. Unsur-unsur iki,silikon,oksigèn, lanaluminiyum wujud unsur kang paling akèh nyusun kendhangan bumi. Lempung kadhapur saka prosès lapuké waton silika déningasem karbonat lan sapérangan diasilaké saka aktivitaspanas bumi.
Lempung mbentuk gumpelan atos nalika garing lan lèngkèt yèn teles kenabanyu. Sipat iki ditemtokaké déning jinismineral lempung kang ndhominasi bahané. Mineral lempung digolongaké dhedhasar susunan lapisan oksidha silikon lan oksidha aluminiyum kang mbentuk kristalé. Golongan 1:1 duwé lapisan siji oksidha silikon lan siji oksidha aluminiyum, sauntara iku golongan 2:1 duwé rong lapis golongan oksidha silikon lan salapis oksidha aluminiyum. Mineral lempung golongan 2:1 duwé sipat elastis kang kuwat, nyusut nalika garing lan dadi gedhé nalika teles. Amarga perilaku iki sawatara jinis tanah bisa mbentuk kerut-kerut utawa "pecah-pecah" yèn wis garing.