Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Lawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lawa
Kalamangsa:Paleosen Akhir-Saiki
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Animalia
Filum:Chordata
Klas:Mammalia
Infraklas:Eutheria
Superordho:Laurasiatheria
Ordho:Chiroptera
Blumenbach, 1779
Subordo

Megachiroptera
Microchiroptera

Lawa ikumamalia sing bisa mabur, kalebuordoChiroptera kanthi loro sikil ngarep tuwuh dadisewiwi.Lawa lumrahé urip lan némplék ing panggonan-panggonan kang sepi kaya tagowa,omah kosong.[1] Saliyané iku, lawa uga urip nggantung ingwit-witan.[1] Contoné witklapa, klapa uga bisa dadi omahé lawa.[1] Lawa lumrahé nyerang wit klapa.[1] Lawa uga bisa nggawé wit klapa mati.[1] Ora mung klapa, lawa uga bisa némplék ing tuwuhan liyané kang duwéwoh.[1] Tuwuhan kang kerep ditémpléki lawa ya ikupelem,jambu,rambutan,nangka.[1] Lawa duwé daya penciuman kang apik, saéngga lawa bisa ngerti woh-wohan kang wis mateng wit.[1] Lawa lumrahé mangan woh-wohan kang mateng wit ing wayah bengi.[1]

Dasanama

[besut |besut sumber]

Lawa duwé akèh jeneng. Wong-wong ingIndonésia pérangan Timur ngaranipapunika, punika utawa lawa.[2] WongSunda ngaranilalay,kalong,kamprèt.[3] WongJawa Tengah ngarani lowo,codhot, kamprét. SukuDayak ngarani lawa kanthi jenenghawa, prok, cecadu, kusing utawa tayo.[3] Nanging ana uga kang mbedakaké lawa, codot lan kalong.[3]

Lawa kalebu kéwan kang senengané nggrogoti woh-wohan kang wis mateng. Lawa lumrahé metu yèn wayahbengi.[3]

Daging

[besut |besut sumber]

Lawa uga kena diolah dadi menu masakan.[3]Codhot utawa lawa goréng uga duwé khasiat kang nambanilelara.[3]Daging lawa bisa dadi tamba lelaraasma, gatel-gatel utawa alérgi ingkulit, saliyané iku daging lawa uga bisa kanggo tamba lelara asma.[3] Saiki wis akèh warung-warung dodolan daging lawa.[3]Sadurungé dimasak, daging codhot utawa lawa kudu dipisahké antarané awak lanelar.[3] Kanggo ngilangnawulu-wulu kang alus ing awaké lawa daging iku kudu dibakar. Daging lawa dibakar nganggo areng.[3]Sawisé iku daging lawa banjur dikumbah lan digodhog kurang luwih30menit nagnggo areng, banjur daging digoréng.[3] Nanging sadurungé digoréng, daging lawa dibumboni nganggotumbar,mrica,bawang lanuyah. Sawisé iku daging codhot banjur digoréng saénggabumbune bisa mresep ing daging lan balungé.[3]

Daging lawa duwé senyawakitotefin kang bisa nyetabilakémembransèlmastosit.[3] Lelara asma kang disebabakéalergi uga bisa ditambani nganggosenyawakitotefin.[3] Daging lawa ngrangsang ananéantibodi ing awak.[3] Nalika ntibodi iku némplék ing sél matosit bisa njalari membran dadi pecah.[3] Membran kang pecah bisa mbentukotot-otot polos saluran nafas saéngga bisakontraksi.[3]

Kang kudu digatékaké ya iku carané ngolah daging sadurungé dipangan.[3] Yèn ngolahé salah bisa ngrusak kotitefin kang ana ing daging.[3] Carané ngolah ya iku aja kepanasen yèn masak daging lawa.[3]Suhu kang kanggo masak aja nganti punjul150 drajatCelcius.[3]

Pupuk

[besut |besut sumber]

Tai lawa bisa dadipupukorganik kanggotuwuhan.[4] Pupuk organik iki diprodhuksiindhustriKalurahan Jurumudi Baru,Kacamatan Benda, KotaTangerang.[4] Pupuk organik saka kotoran lawa iki akèh diminati masarakatÉropah awit pupuk iki pupuk organik murni kang ora ana bahan kimiané.[4]Pupuk saka kotoran lawa iki cocog kanggo pupuk tuwuhansayur-sayuran,umbi,rempah-rempah, kebun lan tuwuhan hias.[4] Ing Éropah pupuk iki kangggo nyuburaké tuwuhan ingkebon.[4]Pupuk saka kotoran lawa uga bisa ngrangsang metunékembang ing tuwuhan.[5]

Klasifikasi

[besut |besut sumber]

Uga delengen

[besut |besut sumber]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghinews.okezone.com(dipunundhuh tanggal 25 Mèi 2011)
  2. nusantaraku.org[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  3. abcdefghijklmnopqrstuus.surabaya.detik.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  4. abcdetangerangkota.go.idArchived 2012-01-18 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)
  5. cybertokoh.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 26 Mèi 2011)

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniChiroptera.
Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika,artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Lawa&oldid=1657362"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp