Dewi Larasati utawaDewi Rarasati iku putrineAntagopa lanKen Sagopi. Dhèwèké bojoneArjuna kang sepisanan lan nduwé putraBambang Sumitra.
Dewi Larasati pinter ing olah kaprajuritan, mligi ing panah. Ing lakonSrikandhi Maguru Manah, Larasati bisa ngalahake. Malah, Larasati iki kang agawe Srikandhi dadi bojone Arjuna.
Ing bale somahe Arjuna, Larasati dadi panengah.Dewi Sumbadra dadi garwa utama, Srikandhi kang njaga kaputren, lan Larasati kang ngurusi bale wisma. Larasati kang uga nduwé jenengRarasati iku dadi pralambangaras utawa asih lan tresna kang daid panengah ing antarané Sumbadra kang alus lan Srikandhi kang agal.