| Artikel iki preludirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikelWikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Lance Armstrong (lairLance Edward Gunderson lair ingPlano,Texas,Amérika Sarékat,18 Sèptèmber1971; umur 53 taun) ya ikupembalap sepeda profésionalAmérika Sarékat sing kaloka amarga wés kasil dadi juara ingTour de France sing akèhé kaping pitu katurut-turut (1999 tekan2005) wiwit mari saka lelarakanker. Pengalaman ngadepi lelara iki mènèhi insipirasi kanggo ngadegaké Yayasan Lance Armstrong, lan salanjuté ngembangaké gelang Livestrong ingtaun2004 minangka upaya ngundhakaké kesadaran karo kurban-kurbankanker.
Panjenengané nyangkal babagan buku gawéan David Walsh sing judhuléFrom Lance to Landis babagan campur karo doping saingga njuarai Tour de France. Padahal, liwat tes doping modern, sampel urine sing dijupuktaun 1999,penjenengane terbukti doping. Nalika iku, panjenengané juara Tour de France sing kapisan. Wektu juara kaenem kanthi urut, panjenengané éntuk bonus US$ 7,5 juta. Panjenengane ngorbanake duite kanggo mbuktekake manawa panjenengané bébas doping.
Ing tanggal 16Fèbruari 2011, panjenengané ngumumake mundur saka kompetisibalap sepeda sawisé ngadepi panyelidikan fédheralAmérika Sarékat babagan penggunaandoping. Ing wulanJuni 2012,Badan Anti Doping Amérika Sarékat (USADA) mènèhi keterangan manawa Armstrong kabukti wes nggunakaké usada kanggo ningkatake stamina sasuwéné kompetisi,[4] lan ing wulanAgustus panjenengané ngetokaké larangan sasuwéné urip kanggo Armstrong mèlu kompetisi lan nyabut kabèh gelar sing diéntukake wiwitAgustus 1998. Ing tanggal 22Oktober 2012,Uni Sepeda Internasional (UCI), badan ulah raga sing ngatur cabang balap sepeda, njurung vonis USADA lan ngonfirmasi larangan kompetisi sasuwéné urip lan nyabut kabèh gelar juara Armstrong,[5] kalebu pitung gelar juaraTour de France sing diéntukake sakataun 1999-2005.