
Lèker iku jinis panganan jajan sing wujudé kaya kayaserabi sing dilempit nanging luwih gurih lan tipis. Saiki sing ana dodolan lèker mung ana ing kutha-kutha gedhé, kaya contonéJakarta,Sala,Yogyakarta,Surabaya, lan liya-liyané.
Mulané lèker iku panganan tinggalanéWalanda sing diaranicrêpe. Mula bukane diarani leker, nalika semana para penggedheWalanda sing ngicipi jajanan iki kok padha muni "Lèker...lèker" (basa Walandalekker) sing tegesé "énak...énak". Gandheng juru masak pribumi ora ngertibasa Walanda, mula tembung leker sabanjuré dilestarikake kanggo tetenger jajanan sing mempercrepe mau. Jaman semana leker uga wis lumebu menyang jero témbokkaraton.
Ora angèl, bahané mungglepungberas,endhog,gula,gedhang raja, lansusu kenthel.Déné panggawéne,wajan panas dioseri lengaklapa,glepungberas sing wis dijladeni karogula lanendhog banjur didadar tipis. Tengahe diwènèhi irisangedhang raja lansusu kenthel. Dikira-kira wis anget banjur dilempit dadi loro. Gawe leker iku gedhange kudugedhang raja. Saliyané rasané legi uga ngandhut aroma sing khas.Yèn gedhange oragedhang raja durung kena diarani leker.