Kunthi utawaDèwi Kunthinalibrata utawaDèwi Kunthi ing caritaMahabharata iku putriPrabu Kuntiboja. Putri iki seduluréBasudéwa (bapakéBaladéwa),Kresna lanSubadra. Dewi Kunthi iku ibunéYudhistira,Werkodara, lanArjuna lan uga bojo pisananéPandhu Dewanata. Saliyané saka Pandhu, Kunthi uga peputraKarna saka sesambungané klawanBathara Surya.
Bapaké Kunthi iku RajaSurasena saka WangsaYadawa, lan wiwit bayi kaparingan jeneng Pritha|Pritha. Banjur, dipèk anak déning RajaKuntiboja. Wiwit iku Pritha nganggo jeneng Kunthi|Kunthi..
Nalika Kunthi isih mudha, dhèwèké kaparingan mantra saka ResiDurwasa supaya bisa nekakaké déwa-dewi. Sawijining dina, Kunthi nyoba ngundhangBathara Surya.Surya pancèn terus rawuh lan banjur ndangu apa sing dikarepaké Kunthi. Kunthi malah nyuwun supaya Surya kondur waé. Amarga Kunthi wis ngundang nanging ora ana kekarepané, Surya mènèhi anak.Kunthi rumangsa ora butuh anak amarga isih prawan. Anak didèlèhaké ing kranjang lan dikèntiraké ing kali Aswa. Anak iku banjur tinemu déning kusir kratonAstina sing jenengéAdirata. Anak iku diparingi jenengKarna.
Kunthi banjur dhaup klawanPandhu, raja ingAstina nanging ora nduwé anak. Saliyané karo Kunthi, Pandhu uga dhaup karo Madrim|Madrim. Nalika Pandhu kudu urip ing alas, Kunthi ngetokaké mantrané manèh. Kunthi ngundang telung déwa lan nyuwun putra. Putra pambajeng Yudhistira||Yudhistira saka déwaYama, keloroBima saka DéwaBayu, lan kateluArjuna saka déwaIndra.Madrim uga banjur diajari migunakaké mantra iku lan peputra kembar:Nakula lanSadewa, saka déwaAswin.Putra lima mau banjur kawentar kanthi sebutan Pandhawa|Pandawa.
Sasédané Pandhu lan Dewi Madrim, Kunthi ngemongNakula lanSadewa, anaké Pandhu sakaDewi Madrim. SarampungéBharatayuddha, dhèwèké lan sadulur ipéné,Dretarastra,Gandari, lanWidura lunga tapa nganti tilar donya.
Ahuka | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Ugrasena | Dewaka | Surasena | Raja Cedi | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Kamsa | Dewaki | Basudewa | 9 putera | 3 puteri | Srutasrawa | Damagosa | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Kresna | Kunti | Pandhu | Sisupala | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Baladewa | Subadra | Yudistira | Bima | Arjuna | |||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||