Kayadénékulawarga biologis, bukti gegayutan antara basa-basa sakulawarga bisa diamati saka karakteristik basa-basa mau. Sawijining kulawarga basa kang bisa diidhentifikasi kanthi trep yaiku kesatuanfilogenetis kang tegesé kabèh anggota kulawarga basa mau diturunaké saka siji perintis lan kabèh basa turunané dilebokaké sajeroning rumpun mau. Sapérangan gedhé basa-basa ing bumi iku anggota saka siji kulawarga basa, nanging ana uga basa-basa (kayabasa isolat kang gayutané karo basa liya ora cetha dan dadi pasulayan.