Puntadewa, salah sawijining Ksatriya ing Pewayangan
Ksatriya inggih punika golongan para bangsawan ingkang tumemen babagan pamerentahan utawi administrasi nagara. Ksatriya ugi minangka golongan para ksatriya utawi paraRaja ingkang ahli babaganmilitèr saha pinter migunakakensenjata. Kuwajiban golongan Ksatriya inggih punika ngayomi golonganBrahmana,Waisya, sahaSudra. Manawi golongan Ksatriya nindakaken kuwajibanipun kanthi leres, piyambakipun badhé angsal berkah saha pandonga saking golongan Brahmana, Waisya, sarta Sudra.[1]
Ing jaman sapunika Ksatriya tegesipun pakaryan satunggaling tiyang ingkang ngabdi dhumateng penegakan hukum, kabecika lan keadilan prajurit, saged ugi minangka perwira ingkang gagah berani. Kelompok punika kalebet pamimpin nagara, pimpinan lembaga utawi tokoh masarakat amargi tugasipun saperlu njamin kaciptanipun kabecika, kasaénan, keadilan, katentreman lan keamanan ing lingkungan masarakat, bangsa lan nagara.
Inggih punika Raja ingAmarta utawi Indrapasta. Sasampunipun perangBharatayudaPuntadewa dados raja ingAstina kanthi gelar Prabu Kalimataya. Puntadewa gadhah jejuluk antawisipun: Darmawangsa, Darmakusuma ,Kantakapura, Gunatalikrama, Yudistira, lan Sami Aji. Priyantun ingkang jujur, saréh, suci, luhur, remen tinulung, tresna tumrap tiyang sepuhipun saha njagi sedhérék-sedhérékipun. Gadhah pusaka kanthi aranJamus Kalimasada, ingkang paédahipun saged dados pituduh lan pinulung tumrap kesaénan lan kasejahteraan. Puntadewa gadhah garwa kalih inggih punikaDewi Drupadi lanDewi Kuntulwilaten.[2]
Nalika diwasa namanipun Werkudara, inggih punika ksatriaJodipati lanTanggulpamenang. Naté dados rajaGiliwesi kanthi gelar Prabu Tuguwasesa. Kagungan jejuluk antawisipun: Bima, Bayusutu, Dandun Wacana, Kusuma Waligita. Piyantun ingkang jujur, boten gumedhé, suci, manut tumrap ara-araipun (mliginipunDewaruci)l, tresna tumrap ibu saha sedherekipun. Nalika perang gadhah jargon “Menang, nalika kalah ateges mati”. Kagungan kalih prameswuri inggih punika:Arimbi lanNagagini. KaliyanArimbi pikantuk putra inggih punikaGatotkaca. SakingNagagini angsal putra kanthi asmaAntasena.[3]
Inggih punika KsatriaMadukara, rajaTinjomaya ugi. Kagungan jejuluk ingkang kathah antawisipun: Janaka, Parta, Panduputra, Kumbawali, Margana, Kuntadi, Indratanaya, Prabu Kariti, Palgunadi, Dananjaya. Priyantung ingkang remen lung tinulung, remen tapabrata, cerdik lan pinter, ahli ing kabudayan lan kesenian. Arjuna inggin punika ksatria ingkang sekti mandraguna. Kekasining para Déwa, panjalmaningDéwa Wisnu. Kagungan garwa ingkang kathah kamangka gadhah jejuluk “Lelananging jagad”, gadhah paras ingkang gagah lan boten wonten tandhinganipun. Prameswarinipun ing Arcapada ya ikuWara Sumbadra lanWara Srikandi. Lan prameswari ingkang sanèsipun inggih punika Rarasati, Sulastri, Gandawati, Ulupi, Maeswara, lsp.[4]
↑Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006).Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.