Krajan Inka iku Krajan kang dumunung ing wewengkon kang saikiPeru wiwit taun 1438 nganti 1533. Inka sinebut peradaban "pra-Columbus, tegesé wis ana wiwit jaman sadurungé tekanéChristopher Columbus. Sajeroning periode mau, Inka nguwasani sapérangan gedhé wewengkonAmérika Kidul pérangan kulon kang pusaté ingpagunungan Andes nganti1533, wektubangsa Spanyol nyerbu nagari iku.Atahualpa kang dadi raja Inka pungkasan, karan uga kanthi istilahSapa Inca, tiwas kaprejaya déning panjelajahSpanyol kang jenengéFrancisco Pizarro, kang uga nandhani wiwitan mangsa kuwasané Spanyol ing tlatah mau.
Krajan Inka dumadi saka papatsuyu. Basa resmi Krajan ya ikubasa Quechua, sanadyan ana watara 700 basa lokal kang dipigunakaké. Suku Inka ngayahi pamujan marang déwa-déwa, kanthiInti minangka déwasrengéngé kang dadi déwa utama.
Kutha krajané dumunung ana ingCuzco, utawa Qosqo, ing kidul Peru.