Korosi iku siji istilah ing babagankimia kang tegesé karusakan utawa dhegradhasilogam amarga ana réaksiredoks antarané siji logam karo dat kang ana ing lingkungan saubengé kang ngasilaké senyawa-senyawa kang ora dikarepaké.[1] Ana ing kadadéan korosi, logam ngalamioksidasi, déné oksigèn (udara) ngalamireduksi.[1] Karat logam lumrahé ya iku awujud oksida utawa karbonat.[1] Rumus kimia karat wesi ya iku Fe2O3.nH2O,[2] sawijing dat padhet kang warnanécoklat-abang.[2]
Korosi wujud prosèselektrokimia.[2] Ana ing korosi wesi, péranganing wesi iku dadianode, nalika wesi ngalami oksidasi.[2]
Ion wesi(II) kang kadadéan ing anode kang kaoksidasi minangka ion wesi(III) kang sabanjuré minangka senyawa oksida kahidrasi, ya iku karat wesi.[3] Ngenani pérangan ngendi saka wesi kang dadi anode lan pérangan ngendi kang dadi katode, gumantung saka faktor, tuladhané dat pareget, utawa prabédané saka rapetan logam iku.[3]
Korosi bisa uga ditegesi serangan kang ngrusak logam amarga logam ngalami réaksikimia utawaelektrokimia karo lingkungané.[3] Ana dhéfinisi liya kang njabaraké manawa korosi ya iku walikan saka prosèsekstraksi logam saka bijihmineralé.[3] Tuladhané , bijih mineral logamwesi ing alam bébas ana ing wujudsenyawawesi oksida utawawesi sulfida, sawisé prosès èkstraksi lan diolah, bakal ngasilaké wesi kang kanggo gawébaja utawanébaja padhuan.[3] Sasuwéné nganggo baja, baja bakal ngalami réaksi karo lingkungan kang bisa njalari korosi (bali manèh dadi senyawa wesi oksida).[3]