Républik Koréa (Aksara Jawa: ꦒꦤꦒꦫꦏꦺꦴꦫꦾ ) (basa Koréa:Daehan Minguk (Hangul: 대한민국;Hanja: 大韓民國);basa Inggris:Republic of Koréa/ROK) biyasa dikenal minangkaKoréa Kidul (Aksara Jawa: ꦏꦺꦴꦫꦾꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ ), iku nagara ingAsia Wétan sing nyakup pérangan kidulUjung Koréa. Ing sisih lor, Républik Koréa wewatesan karoKoréa Lor, lan kaloroné nyawiji dadi siji nagara nganti taun1948.Jepang dumunung ana ing sabrangSagara Jepang (karan "Sagara Wétan " déning wong-wong Koréa) lanSelat Koréa dumunung ing sisih kidul-wétan. Nagara iki dikenal kanthi jenengHanguk (한국; 韓國) déning sing ndunungi Koréa Kidul lan karanNamchosŏn (남조선; 南朝鮮; "Chosŏn Kidul") ingKoréa Lor. Kutha krajan Koréa Kidul ya ikuSeoul (서울).
Minangka salah siji saka papatMacan Asia Wétan, Koréa Kidul wis nggayuh rèkor tuwuh sing ngédap-édapi, nggawé Koréa Kidul dadi nagara kanthi ékonomi gedhé dhéwé angka 12 ing donya. SarampungéPDII,PDB per kapita kira-kira padha karo nagara miskin liyané ingAfrika lanAsia. BanjurPerang Koréa nggawé kondhisi tansaya parah. Saiki PDB per kapita kira-kira tikel ping 20 sakaKoréa Lor lan padha karo ékonomi-ékonomi menengah ingUni Éropah. Ing taun2004, Koréa Kidul gabung karo "klub" donya ékonomi trilyun dolar.
Kasuksesan iki digayuh ing pungkasan taun1980-an liwat sawijining sistem ikatan bisnis-pamaréntah sing cedhak, kalebu kredit langsung, pambatesan impor, sponso tumrap indhustri tinamtu, lan usaha kuwat saka tenaga kerja. Pamaréntah promosi impor bahan mentah lan tèknologi kanggo barang konsumsi lan nyurungtabungan laninvestasi tinimbangkonsumsi.Krisis Finansial Asia 1997 mbukak kakurangan model pangembangan Koréa Kidul, kalebu rasio utang/persamaan sing gedhé, utang njaba sing gedhé, lan sektor finansial sing ora disiplin.
Koréa Kidul dumadi saka 1 Kutha Khusus (Teukbyeolsi; 특별시; 特別市), 6 Kutha Metropolitan (Gwangyeoksi; 광역시; 廣域市), lan 9 Provinsi (do; 도; 道). Jeneng-jeneng ing ngisor iki sajeroningbasa Inggris,Alihaksara sing disempurnakaké,Hangul, lanHanja.