Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Konrad Zuse

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Konrad Zuse ing taun1992

Konrad Zuse (dilafalaké [ˈkɔnʁat ˈtsuːzə]; lair ingBerlin,22 Juni1910 – pati ingHünfeld,18 Dhésèmber1995 ing umur 85 taun) ya iku sawijining tokohtèknisi sipil kan kang dadi perintiskomputer.[1] Pencapaian paling gedhéné ya iku komputerpanyampurna Turing fungsional pisanan kang dikendhalèkaké déning program,Z3, ana ing taun1941 (program iku disimpen ana ingtape kertas).[1] Zuse nampaWerner-von-Siemens-Ring ana ing taun1964 kanggo penemuané mau.[1]

Zuse uga ngrancangbasa pamrograman tingkat dhuwur pisanan,Plankalkül, pisanan diterbitaké nalika taun1948 kang wujudé téorètis, amargabasa pamrograman iku durung diimplemèntasikaké ana ing sakdawané urip lan ora kanthi langsung duwé prabawa marang basa pamrograman ndhisik.[1] Salah siji panemuALGOL (Rutishauser) nulis: "Pacoban kang pisanan kanggo nemu basaalgoritma dilakokaké nalika taun 1948 déning K. Zuse.[1] Notasiné cukup umum, nanging proposal mau iku ora tau nganti tekan tetimbangan kang patut ditampa."[1]

Saliyané karya ana ing babagan tèknik, Zuse uga gawé salah siji bisnis komputer ana ing wiwitan taun1946.[2] Perusahaané iku gawéZ4, kang dadi komputer komersial nomer loro kang diséwa déningETH Zuerich ana ing taun1950.[2] Nanging amargaPerang Donya II, karya Zuse akèh kang ora kacathet ana ingAmérikah Sarékat lanBritania Raya; kamungkinané prabawa pisanané kang kadhokumèntasi ing perusahaan AS ya iku pilihan IBM lanpatènné ana ing taun 1946.[2] Nalika pungkasan taun1960-an, Zuse mengusulaké konsèpRechnender Raum (babagan dhedhasar komputasi).[2]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. abcdefei.cs.vt.edu
  2. abcdwww.idsia.ch
Pengawasan otoritasBesut iki ing Wikidata


Tandha stubArtikel biografi iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Konrad_Zuse&oldid=1633839"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp