Kodhak inggih punika pranti kanggé ngrekam bayangan ingkang kawujadaken sakingcahya ingkang katingalan utawi panyinaran elektromagnetis sanès.[1] Kodhak punika dipun-ginakaken kanggé kagiyatanfotografi. Nama kodhak punika asalipun saking camera obscura, ateges “papan ingkang peteng”. Pérangan-pérangan wonten ing kodhak inggih punika lensa cembung (lensa objektif), diafragma wonten ing antawis lensa punika ingkang ginanipun kanggé ngatur ambanipun lensa saéngga saged nglajengaken cahya ingkang mlebet, pérangan salajengipun inggih pelat filem negative.[1] Rekaman wonten ing kodhak punika saged awujud cuwèrankimia umpaminipun gambarfoto utawi sinyal elektrik umpaminipun kodhak TV.[1]Prosès dalanipun cahya inggih punika lensa objektif ingkang gadah mupangat kanggé ndamel bayangan nyata punika dipuncilikake, lan diwalik wonten pelat peka cahya. Kangge ndamel bayangan ingkang saé lan terang jarak bayangan kedah dipunatur kanthi nggeser lensa wonten njawi utawa njero. Kangge ngatur cahya dipun-ginakaken diafragma. Pelat potret (filem) dipun-ginakaken kanggé babagan kaca utawa seluloid ingkang dilapisi gelatin lan pérak bromide, ingkang ngasilakhen gambar négatif. Lajeng Nyetakaken gambar négatif punika wonten ing kertas filem (kertas peka), saéngga mbentuk gambar positif.[1]Merek-merek kodhak ingkang langkung kondhang wonten ing jaman sapunika inggih Canon, kodhak Sony, Olympus, dll.
Kodhak punika asalipun saking piranti ingkang sami ingkang dipunkenal kaliyan Kodhak Obsurcura.[2] Kodhak punika awujud kotak kodhak ingkang dèrèng dipunjangkepi kaliyan filem kanggé nangkep gambar utawi bayanganipun.[2] Wonten ing abad 16 Girolamo Cardano njangkepi kodhak obscura kaliyan lensa wonten ing ngajeng kodhak obsurcura. Nanging bayangan ingkang dipunkhasilake boten tahan dangu, saéngga boten kagolong panemuan dunya fotografi. Wonten ing taun 1826, Joseph Nicepore Niepce mamerake gambar saking bayangan ingkang dipunkhasilaken kaliyan kameranipun. Lajeng wonten ing taun 1839 Louis Daguerre mamerake gambar ingkang idpuntemuake awujud gambar bayangan dalan ing Paris. Kodhak daguerreotype lajeng tumuwuh dumados sapunika.[2]
Papan ingkang kedap cahya nanging namung salah satunggaling papan ingkang dumados dalan mlebetipun cahya. Sasampunipun ngliwati badan kodhak cahya punika difokuskan kaliyan lensa supados saged mbakar filem. Wonten ing badan kodhak punika wonten tombol-tombol pengatur:
Wonten ing kodhak punika, sistem lensa limrahipun wonten ing ngajeng kotak. Sistem lensa punika kadadosan saking lensa tunggal saking bahan plastik utawi kaca.[3]
Kodhak jinising punika gadhah jarak fokus ingkang langkung alit. Lensa ngginakaken filem 35 milimeter ingkang dipunsebat lensa sudut besar, manawi 135 milimeter dipunsebat lensa telefoto.[3]
Lensa Sudut Alit
Kodhak punika gadhah jarak fokus ingkang paling ageng antawis katiga jinising kodhak punika.[3]
Kodhak variabel
Kodhak jinising punika gadhah jarak fokus ingkang saged dipunowah-owahi, jumbuh kaliyan kebetahan.[3]
Jinising kodhak Andhedhasar mekanisme kerja
Kodhak Single Lens Reflect
Kodhak punika gadhah cermin datar ingkang wonten ing wingking lensa. Saéngga punapa kemawon objek ingkang dipunsawang déning pemotret inggih sami kaliyan punapa ingkang dipuntangkap déning filem.[3]
Kodhak instan
Kodhak punika gadhah mekanisme otomatik andhedhasar pengukur cahya. Ambanipun diafragma lan cepetipun pemetik potret dipunatur kanthi otomatis.[3]
Jinising kodhak andhedhasar tèknologi viewfinder
Kodhak saku
Kodhak punika kagolong jinisng kodhak mayoritas (hampir 90%) wonten ing tangan konsumen. Leres kaliyan namanipun, kodhak punika gadhah ukuran ingkang alit lan nyata saged mlebet saku wonten ing agemanipun panjenengan.[4]
Kodhak TLR
Kodhak SLR (Single Lens Reflect)
SLR punika inggih Single lens reflex. Jinising kodhak punika inggih jinisng kodhak ingkang saged ngintip obyek foto migunakaken lensa. Kodhak punika boten muat wonten ing sakunipun panjenengan lan reganipun radi larang. Nanging kualitas kodhak punika kagolong saé sanget.[4]
Jinisng kodhak andhedhasar médhia penangkap cahya Kodhak filem