![]() | Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa. |
Klenthing utawa sok diaranijun ya iku piranti utawa wadhah banyu kang digawé saka lemah lempung. Mupangaté kanggo njupukbanyu utawa ing tlatahJawa sinebut ngangsu, ana ingsumur,sendhang utawabelik lan digawa mulih kanggo adus, adang (basa Indonésia:menanak), ngombé, lan sapanunggalané. Klenthing uga piranti kang biyasa digawa déninggwong wadon. Semana uga klenthing nggawané kudu digéndhong ing bangkèkan nganggosayuk utawa dicekeli nganggotangan. Ana ingnagaraIndia klenthing cara nggawané disunggi ingsirah. Wujudé klenthing iku bunder duwé gulu lan lambé klenthing. Mumpangaté klenthing saliyané kanggo ngangsu déning wongwadon, uga bisa dianggo kotèkan/thèthèk. Carané ya iku dithuthuki nganggosandhal lan bisa ngasilaké swara kang apik. Manut kemajuan jaman, klenthing saiki wis langka amarga kalah karo anané èmbèr kang digawé saka bahan plastik.Èmbèr luwih praktis tinimbang klething, amarga luwih mupangati. Èmbèr bisa kanggo wadhah bahan saliyanébanyu lan èmber uga ora gampang pecah utawa luwih elastis tinimbang klenthing. Klenthing uga duwé aji sajarah lan kaéndahan kang luwih dhuwur tinimbang émber. Amarga saka iku saiki klenthing kerep dianggo minangka pepaès ètnik ingomah utawa panggonan liyané.
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |