Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kincir angin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kincir angin

Kincir angin iku sawijiningmesin sing bisa ngganti tenaga angin dadi tenaga rotasi mawa suwiwi utawa layar ing suwiwiné.[1] Kincir angin gunané kanggo ngalusakéwiji lan ngompabanyu kanggo nyiramisawah.[1] Kincir angin modern ya iku mesin kang minangka ngasilakéènergilistrik. Kincir angin modern uga diarani turbin angin.[1]Turbin angin akèh tinemu ingÉropa lanAmérika Lor.[1] Kincir angin bisa dadi ènèrgi alternatif kanggo ngasilaké listrik.[2]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Naskah tuwa dhéwé sing nyritaké babagan kincir angin ana ing tulisanArab ya iku wiwitabad kaping 9Masehi.[1] Naskah iki nerangaké yèn kincir angin dioprasiaké ing watesIran lanAfganistan.[1] Kincir angin uga diaraniPersian windmill.[1] Kincir angin uga digunakaké ingChina ya iku kanggo nguapaké banyu sagara ing prodhuksiuyah.[1] Kincir angin uga digunanaké ingKrim,Éropa lanAmérikah Sarékat.[1]Kincir angin kang minangka pembangkit listrik dibangun karoP. La Cour sakaDhènemarken.[1] Dhèwèké lair abad19. Sawisé perang donya I, layar kang mlintang mirib sudhutpropelermontor mabur saiki diarani kincir angin.[1]Eksperimén kincir angin sudhut kembar dianakaké ing Amérikah Sarékat taun1940.[1] Ukurané amba banget kang diarani mesinSmith-Putman.[1] Diarani mesin Smith-Putman awit kang ngrancang ya ikuPalmer Putman.[1] Mesin iki nduwéni kapasitas 1,25 MW kang digawéMorgen Smith Company sakaYork Pensylvania.[1]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnokincirangin.info(diaksès tanggal 8 Juni 2011)
  2. energi.lipi.go.idArchived 2016-03-04 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 8 Juni 2011)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kincir_angin&oldid=1657150"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp