Kimi-Matias Räikkönen (aliasKimi Räikkönen, miyos wonten ingEspoo,Finlan, tanggal17 Oktober1979), punika juru mudhi mobilFormula 1 saking Finlan, sapunika piyambakipun guyup sareng tim Alfa Romeo-Sauber. Sadèrèngipun Kimi guyup sarengMcLaren taun 2002-2006, Ferrari 2007-2009, Lotus Renault 2012-2013, lan wangsul malih dhateng Ferrari kaping kalihé ing taun 2014-2018. Kimi miwiti debutipun ing F1 taun 2001 sareng timSauber-Petronas. Sapunika sampun mimpangaken gelar juwara donya taun 2007 sareng Ferrari. Kamenangan sepisan ing F1 dipun gayuh ing GP Malaysia 2003 ing hawa kang bentèripun ngantos 40 drajatcelcius Kimi kanthi kalem mahargyakaken menangipun kanthi salimrahipun, pramila saking kadadosan kasebat Kimi angsal peparabThe Iceman. Réncang satimipun ing Ferrari inggih punikaFelipe Massa,Fernando Alonso, lang kang pungkasanSebastian Vettel.