Kesenian Koréa ya iku jiniskesenian kang ngrembaka ingKoréa kawit jaman kuna.[1] Ciri-ciri kesenian visual kang diprodhuksi déning rakyatUjung Koréa nuduhake kaprasajan, spontanitas, lannaturalisme.[1]
Artefak seni wiwitan Koréa ngindikasekake prabawaCina, kang dimulai dkanthi ngadege koloni-koloni Cina ing taun 108 SM ing tilase wewengkon karajanGojoseon.[1]Agama Buda dikenalake saka Cina ing taun 372, dadi sumber inspirasi karya seni bangsa Koréa nganti abad kaping 15.[1] Ing mangsaTiga Karajan, karya-karya seni Koréa diciptake kanthi bentuk-bentukarsitèkturpagoda,perhiasan,tembikar, lanukir-ukiran minangksa dedikasi tumrap Buda.[2]
Wujud keterampilanseni wong saka karajanGoguryeo dituduhake kanthilukisan dinding ing kuburan-kuburan kuna ing kutha krajan wiwitanGoguryeo (saiki ing Manchuria) lan separone ingKangseo, provinsiPyongan Selatan.[2] WongSilla nyipta seni musikHyangga kang racaké duwé isi syair-syair Buddhis.[2]
Buda ngrembaka luwih kuwat ing nagaraGoryeo lan dominan ing budaya seni.[2] Ing babaganarsitèktur, akèh pagoda, arca lan kuil-kuil Buda diyasa, tuladhanéKuil Buseok lanKuil Sudeok.[2] Ing mangsa iku musikCina diimpor sakaTang lanSong kang diaraniDangak lanAak.[2] Musik-musik iki ngrembaka bareng musik asli,Hyangak.[2] Kira-kira karya seni kang gedhé dhéwé saka jaman iki ya iku (goryeo cheongja), seni kramik ijo kang didikenalake sakaSong nanging diciptakake kanthi gaya kang béda mula bisa narik kawigaten kadang katresnan seni ing Cina lan Timur Tengah.[2]
{{cite book}}
:Check|isbn=
value: checksum (pitulung)![]() | Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniArt of Koréa. |
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |