Kertu pos ya iku salembardluwang kang ukurané kandel utawa digawé sakakarton tipis kang dhapurépersegi panjang.[1] Kartu pos gunané kanggo nulis lan ngirimaké tulisan kang ora usah diwadhahiamplop.[1] Ngirim nganggo kartu pos regané luwih murah tinimbang yèn ngirim nganggolayang.[1]
Kertu pos kang sepisanan ing donya digawé ingOstenrik nalika tanggal 1 Oktober, 1869.[1] Nalika iku kertu pos nduwéni jenengCorrespondenz-Karte. Kertu pos lumrahé dikirimké wong-wong nalika lunga ing jaban rangkah kanggo kenang-kenangan kang mratandakaké yèn dhèwèké wis tau lunga ingnagara iku.[1] JenengCorrespondez-Karte iki tegesé kertu pos gunané kanggopiranti kang bisa minangkaberkoresponden.[1] Akèh kaluwihan saka kertu pos tinimbang nulis layang.[1] Kertu pos luwih sithik nggunakaké kertas lan ora prelu nggunakaké amplop.[1] Ukurané kang cilik uga kena kanggo nyingkat pawarta kang bakal dikirim marang kang nampa pesen.[1]Ilmu panalitèn lan nglumpukaké kertu pos diaranideltiologi.[1]
Kartu pos lumrahé ana gambaré.[2] Gambar kang ana ing kertu pos kaya ta gambar panggonan kang misuwur ing salah sawijining nagara iku, gambar wong, gambar alam kaya tagunung,sagara,kapal,kéwan-kéwan kaya ta kéwan kang langka lan dadi ciriné nagara iki, utawa gambar wong kang nduwéni kalungguhan kang dhuwur ing nagara.[2] Kertu pos uga kena kanggo ucapanNatal, taun baru, lan dina riyaya kaya taIdul Fitri, lan dina kang dianggep wigati ing nagara iku.[2]