Kermanshah (Southern Kurdish:کرماشان,Kirmashan;Pèrsi:کرمانشاه,Kermānshāh; uga dikenal minangkaBākhtarān utawaKermānshāhān),[1] ya iku kutha krajané ProvinsiKermanshah, sing kaprenah 525 kilomèter utawa 326 mil sakaTehran ing pérangan kulonéIran lan udakara 120 kilomèter saka tapal wateséIrak. Miturut étungan sènsus ing taun 2011, kutha iki gunggung cacah jiwané ana 851.405 wong. Akèh-akèhé wargané nuturaké basa Kurdhi Kidul. Kermanshah nduwé iklim pagunungan sing .[2][3][4][5][6]Kermanshah mujudaké kutha ing Iran kanthi wong Kurdhi sing akèh dhéwé.[7][8][9][10] Akèh-akèhé warga Kermanshah nggilut IslamSingah, nanging uga ana golongan minoritas sing nggilut IslamSunni,Yarsanisme, lan sapanunggalané.[11][12]
Kermanshah nduwé iklim sing akèh-akèhé kaperbawan déning pagununganZagros amarga wewengkon iki cedhak karo pagunungan kasebut, saéngga iklim ing wewengkon iki digolongaké minangka iklim Méditerania (Csa) kanthi mangsa panas kang panas. Dhuwuré wewengkon iki lan prenahé sing njalari wewengkon iki kena angin kulon njalari tingkat présipitasi rada dhuwur(luwih sakaTehran), nanging uga nduwé suhu padinan sing ora tinamtu kususé ing mangsa panas tanpa udan, njalari suhu dadi panas banget ing wayah awan. Mangsa salju ing Kermanshah adhem lan biyasané uga ana udan ing mangsa rontok lan manga semi.
Sawisé ana révolusi ing taun 1979, sawatara wektu, kutha iki dijulukiGhahramanshahr, banjur jeneng kutha lan jeneng provinsiné salin dadiBakhtaran, amarga anané tembung "Shah" ing jeneng asliné. Bakhtaran ateges kulon, sing ngrujuk marang prenahé kutha kasebut lan provinsiné ana ing sajeroné Iran. Sawisé anané PerangIran–Irak , kutha iki salin jeneng dadi Kermanshah, amarga jeneng kasebut minangka kaca benggalaning pepénginané wargané, sastra Pèrsi, lan memoriné wong Iran.
- Yahoudi-ha Bazar (Bazar Yahudi) utawa (Bazar Islami) - Mujudaké salah sawijining punjering papan blanja sing paling kuna ing Iran saka jaman Qajar (1785–saiki). Ana ing kéné bisa ditemokaké sandhangan tradhisional, sandhangan tradhisionalé wong Kurdhi, manèka warna bumbon crakèn, Giweh, gaman wesi, elar gawéan, lan sawenèh toko duwèké pandhé, lan toko sing adol banyu sulingan saka tetuwuhan jamu.
- The Kurds Bazar utawa (Bazar Tarikeh) - Ing papan blanja didol sesotya lan sawenèh kukis kaya taNan BerenjiKaak lanNaan Khormaei sing mujudaké olèh-olèh mirunggan saka Kermanshah.
Kermanshah iku salah sawijining punjering indhustri patanèn ing Iran kanthi budidaya palawija, beras, sayur, woh-wohan, lan wiji minyak. Sanajan mangkono Kermanshah uga tuwuh dadi kutha indhustri sing penting; ana punjering indhustri cacah loro kanthi unit manufaktur cacah 256 ing pinggiring kutha. Indhustri-indhustri iki kalebu kilang minyak pétrokimia, manufaktur tèkstil, olah panganan, prodhuksi karpèt, panyaringan gula, lan prodhuksi piranti listrik.Kermanshah Oil Refining Company (KORC) diyasa ing taun 1932 déning perusahaan saka Inggris, lan mujudaké salah sawijining indhustri pokok ing kutha iki.