Kemangga, (jeneng liyamangga utawakalamangga, sok-sokanangga-angga), iku sajiniskéwan kanthi awak ros-rosan (Arthropoda) mawarong sègmèn badan,patang pasang sikil, ora duwé sewiwi lan ora duwé cangkem pamamah. Kabèh jinis angga-angga digolongaké ing ordhoAraneae; lan padha karokalajengking,tumo,caplak lan kerabaté—kabèh sing sikilé wolu—dilebokaké ing kelasArachnida. Elmu sing nyinaoni ngenani angga-angga yaikuarachnologi.
Angga-angga wujud kéwan pamangsa (karnivora), malah kadhang ugakanibal. Mangsa mligi yaikugegremet. Mèh kabèh jinis angga-angga, kajaba watara 150 spésies saka suku Uloboridae lan Holarchaeidae, lan subordo Mesothelae, bisa nyuntikakéwisa liwat sapasang taringé marang mungsuh utawa mangsané. Sanadyan mangkono, saka puluhan éwu spésies sing ana, mung watara 200 spésies kang wisane bisa mbebayani kanggomanungsa.
Ora kabèh angga-angga gawésawang kanggo nyekel mangsa, nanging kabèh bisa ngasilaké bolahsutra utawa lamat—yaiku leran serat protéin sing tipis nanging kuwat—saka klanjer (ingaranspinneret) sing ana ing pérangan mburi badané. Serat sutra iki banget migunani kanggo mbiyantu obahé angga-angga, ngayun saka papan siji menyang papan liyané, njiret mangsa, nggawé kanthongendhog, nglindhungi bolongan susuh, lan liya-liyané.
Ora kaya gegremet sing duwé telung pérangan badan, angga-angga mung duwé loro. Sègmèn pérangan ngarep diaranicephalothorax utawaprosoma, sing sabeneré wujud gabungan saka endhas lan dhadha (thorax). Éwadéné sègmèn pérangan mburi diaraniabdomen (weteng) utawaopisthosoma. Antaracephalothorax lanabdomen ana panyambung tipis sing dijenengipedicle utawapedicellus.
Ingcephalothorax ana patang pasang sikil, lan siji tekan patang pasang mata. Saliyané sapasang rahang kanthi suing gedhé (diaranichelicera), ana uga sapasang utawa sapérangan piranti pambiyantu cangkem sarupa tangan sing diaranipedipalpus. Ing sapérangan jinis angga-angga, pedipalpus ing kéwan lanang diwasa saya gedhé lan malih fungsiné minangka piranti pambiyantu nalika kawin.
Angga-angga ora duwécangkem utawauntu kanggo mamah. Minangka gantiné, cangkem angga-angga wujud piranti panyedhot kanggo nyedhot cuwèran badan mangsané.
Mata angga-angga lumrahé wujud mata tunggal (mata mawa lensa tunggal), lan dudu mata majemuk kaya ing gegremet. Akèh-akèhé angga-angga duwé pandelengan sing ora patiya apik, ora bisa mbédakaké warna, utawa mung sing sensitive marang padhang lan peteng. Angga-angga sing manggon ing guwa malah ana sing wuta. Kejaba ing sapérangan angga-angga pamburu sing duwé pandelengan tajem lan apik, kalebu nalika ngenali warna.
Kanggo nengeri tekané mangsané, lumrahé angga-angga ngandhelaké geteran, ing jaring-jaring sutrané utawa ing lemah, banyu, utawa papan sing diéncoki. Ana uga angga-angga sing bisa ngrasakaké bédané tekanan udara. Piranti panggrayang angga-angga ana ing rambut-rambut sikilé.