Kebon Raja Ragunan (basa Indonésia:Kebun Binatang Ragunan) punika salah setunggalingkebon raja ingkang panggènipun wonten ing tlatahRagunan,Pasar Minggu,Jakarta Kidul,Indonésia.[1] Kebon raja Ragunan punika wiyaripun kirang langkung140hektar.[1] Kebon binatang Ragunan punika dipundamel nalika taun1864.[1] Wonten ing kebon raja punika kathah koleksikéwan-kéwan.[1] Kéwan-kéwan punika kados ta unggas (manuk pelikan,merak,garudha, saha sanès-sanèsipun), primata (kethèk, bekantan, saha sanès-sanèsipun), jinis-jinisula,beruangmadu,gajah,rusa,unta,jaran nil,banteng,lawa.[1] Kajawi punika ugi wontenmacan, macanputih,singa,baya,bruwang.[1] Kajawi kathah koleksi kéwan-kéwan wonten kebon raja Ragunaan punika ugi wonten panggènan kanggé dolanan laré-laré.[1]Sabentaun, cacahipun pengunjung sangsaya mindhak.[2] Nalika taun2003, cacahipun tiyang ingkang rekréasi wonten ing kebon raja punika3.121.677 tiyang.[2] Nalika liburan sasiJuli taun2004, sajeroning satunggal wulan cacahé wong kang rekreasi ngantis334.782 tiyang.[2]Wiwitanipun, kebon raja punika manggèn wonten ing areal ingkang wiyaripun 10 Ha kagunganipun salah setunggaling pelukis pribumi ingkang misuwur kanthi asmaRaden Saleh.[2] Panggènipun wonten ing punjering kithaJakarta inggih punika wonten pusat kesenian jakartaTaman Ismail Marzuki Cikini.[2] Taun1864 Kebun Binatang punika dipunkelola kaliyan perhimpunan Penyayang Flora saha Fauna ing Jakarta (Culturule Vereniging Planten en Direntuin at Batavia).[2] Sasampunipun revolusi taun 1949 dipun-gantos dados Kebon Raja Cikini.[2]PamaréntahDKI Jakarta banjur mindhah wonten ing areal ingkang langkung wiyar inggih punika wonten ing RagunanJakarta Selatan.[2] Kebon raja punika banjur dipunwastani Taman Margasatwa Jakarta saha langkung misuwur kanthi nama Kebun Binatang Ragunan.[2]
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |