Katsuobushi (鰹節,Katsuobushi?) ya ikupanganan awetan kang bahan bakuneiwakcakalang (katsuo). Katsuobushi diserut dadi kaya serutankayu kanggo dijupuk kaldune kang minangka bahan dhasarmasakan Jepang, diwènèhake ing ndhuwur panganan kanggo panyedhep rasa, utawa digadho lan digawé lawuh barengsega.
Katsuobushi kang wis diserut tipiswernanecoklat enom ngantijambon rada bening padatan didol ing plastik. Katsuobushi minangka panyedhep panganan padatan disawurake ing ndhuwurhiyayako (tahu adhem),okonomiyaki lantakoyaki. Katsuobushi kang wis diserut diarani kezuribushi.
Ngawétake iwak cakalang dadi katsuobushi umum dilakoni ing sapérangan nagara kayaJepang lan kepuloanMaladewa. Teknik ngawétake iwak dadi katsuobushi wis dikenal ing Jepang wiwit sadurungéjaman Edo. Katsuobushi uga diarani iwak kayu jalaran iwak cakalang kang wis diolah dadi atos kaya kayu, dadi sadurungé dianggo masak kudu diserut nganggoani-ani.
Iwak dibelah dai rong pérangan kanggo mbuwang balunge, dadi mung karidaging iwak kang wujudé kayakapal diaranifushi (節,fushi?). Daging iwak mau banjurdiproses nganti dadi katsuobushi.
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |