Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kathmandu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kathmandu
येँ महानगरपालिका
कान्तिपुर
काठमांडौ (Kaa-th-maan-dau)
City
Kathmandu Metropolitan City
Gendéra Kathmandu
Gendéra
Nagara Nepal
Region PembangunanPunjer
ZonaZona Bagmati
DistrikDistrik Kathmandu
Established900s AD[1]
Pamaréntahan
 • Mayor(none at the moment)
Laladan
 • City50,67 km2 (1,956 sq mi)
Élepasi1.400 m (4,600 ft)
Cacah warga(2009)[2][3]
 • City949.486
 • Pepadhet190/km2 (490/sq mi)
 • Métro1.687.102
Zona wektuNepal Time (UTC+5:45)
Situs wèbkathmandu.gov.np
  1. "History". Diarsip sakasing asli ing 2019-01-07. Dibukak ing16 May 2010.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)
  2. "World-Gazetteer". World-Gazetteer. Dibukak ing2010-07-04.[pranala mati permanèn]
  3. "World-Gazetteer". World-Gazetteer. Diarsip sakasing asli ing 2012-12-17. Dibukak ing2010-07-04.{{cite web}}:Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)

Kathmandu (basa Nepali : काठमाडौं) ya ikukutha krajan lan kutha gedhé déwé ingNepal. Kutha kanthi 3,2 yuta jiwa padunung iki ana ingLembah Kathmandu ing Nepal tengah, cedhakKali Vishnumati . Wewengkon Metropolitan Kathmandu, sing nyakup Patan, Lalitpur lan Bhaktapur, nduwe padunung gedhe sawatara 5-6 yuta jiwa. Kathmandu uga minangka kutha metropolis gedhé déwé ing wewengkonParedèn Himalaya . Basa Nepali lan Basa Nepali/Newari dadi basa sing akeh déwé dicaturaké ing kutha.

Kathmandu, uga misuwur kanthi aran Kutha Kuil, dumunung ing dhuwur sawatara 1,400 meter (4,600 jangkah)ing ndhuwur parmukaan segara ing Lembah Kathmandu sing bentuké kaya bathok ing Nepal tengah. Lembah iki kanthi sejarah aran "Mandala Nepal" lan wis dadi punjeré kabudayaansuku Newar utawa Nepami, sawijining peradaban kutha kosmopolitan sangisoré rediHimalaya. Kutha iki tau dadi kutha krajan Karajan Nepal sing dadi tuan rumah kraton, omah gedhong, lan patamanan kanggo golongan aristokrasi Nepal. Wiwit taun 1985, kutha iki dadi markas Asosiasi Kerjasama Regional Asia Kidul (SAARC). Saiki, Kathmandu dadi punjer pamaréntahanRepublik Nepal sing didegaké ing 2008; lan minangka bagéan saka Provinsi Nomer 3 ing geografi administratif Nepal.

Kathmandu wis pirang-pirang taun dadi punjeré sejarah, seni, budaya uga ekonomi Nepal. Kutha iki nduweni masyarakat maneka suku kanthi akèh déwéHindu lanBudha uga dadi omah kanggosuku Newar. Perayaan agama lan budaya wis dadi bagian utama saka uripé wong-wong sing manggon ing Kathmandu.

Pariwisata dadi bagéyan penting saka ekonomi; Ing taun 2013, Kathmandu manggon peringkat katelu ing donya sakasepuluh tujuan wisata ing mangsa ngarep miturut TripAdvisor, lan peringkat kapisan ing Asia. Kutha iki minangka gerbang menyangPagunungan Himalaya Nepal, lan dadi papan kanggo pitung situsWarisan Donya UNESCO :Komplek Istana Hanuman Dhoka ing Durbar Squares; Patan lan Bhaktapur ;Swayambhunath lanBaudhanathStupas ; lan candhiPashupati lanChangu Narayan . Kajaba iku, ana pitung kasino ing kutha.

Akeh papan sajarah ing Kathmandu bubrah amarga lindhu 7,8skala Richter ing tanggal 25 April 2015. Sawetara wangunan sajarah wis dibalèkaké dene liyané isih proses diwangun manèh.

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kathmandu&oldid=1664440"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp