Katé iku bangsa makluk legendharis sing ukurané cilik banget lan urip ing ngisorlemah. MiturutParacelsus, Katé wujud makluk supernatural sing urip saka unsur lemah. Sanajan cilik, katé mau bisa lumaku kanthi gampang ngetutaké langkah sawijiningmanungsa. Katé mau racaké nganggo topi krucut, lan sinarsrengéngé bisa ngowahaké katé dadiwatu. Sajeroning sapérangan carita, katé asring dilukisaké minangka makluk sing cilik banget, rainé èlèk, diidhèntikaké minangka bangsaperi sing jail, utawa dipadhakaké karogoblin. Katé duwé kakuwatan ajaib kanggo gawé wong rumangsa seneng utawa sedhih.
Makluk katé mijil sajeroning dongèng-dongèngJerman, kalebu dongèng karanganGrimm sasadulur, minangka wong tuwa kanthi badan cilik sing urip ing ngisor lemah, sing njaga harta karun kakubur. Gnome uga mijil sajeroning kabudayan nagara Éropa liyané kanthi manéka jeneng: Kaukis sakaPrussia; Barbegazi, makluk mèmper katé mawa sikil gedhé sajeroning carita rakyatPrancis lanSwitserlan. Vættir iku sajenis katé saka nagaraÈslan.