Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Karan Johar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Karan Johar
Karan Johar (2016)
Lair (1972-05-25)25 Mèi 1972 (umur 52)
Mumbai,Maharastra,India
Taun aktif1995–present

Karan Johar (करण जौहर (1972-05-25)25 Mèi 1972 (umur 52)) ya ikuaktor, direktor filem, lan prodhuser filem sakaIndia. Dhèwèké duwé anak loro ya ikuHiroo Johar lanYash Johar.[1]Dhèwèké lair ingMumbai,Maharashtra,India.[1]Dhèwèké ya iku anak saka pasanganHiroo Johar lanYash Johar.[1]Dhèwèké iku salah sijiné sutradara sukses ingBollywood.[1]Dhèwèké nempuh pendhidhikan ing Greenlawns High School lan H.R. College of Commerce lan Economics ingMumbai.[1]

Karir

[besut |besut sumber]

Rumah produksi kanthi aranDharma Production ya iku perusahaan duweké Johar kang biyené duweké bapaké.[1]Awit cilik, dhèwèké akèh sinau karoaktor India, kaya taRaj Kapoor,Yash Chopra, lanSooraj R. Barjatya, lan nggawé para bintang mau dadi inspirasiné.[1]

Johar miwiti indhustri perfilemane kanthi dadi aktor kang meranaké kanca cedhakShahrukh Khaning filem kang judhulé Dilwale Dulhania Le Javenge taun1995.[1]Ora mung dadi aktor, nalika dhèwèké gawéfilem, dhèwèké direwangi karo sutradara,Aditya Chopra.[1]

Dhèwèké ngluncuraké filem garapan kaping pisanané nalika taun 1998 kang judhulé Kuch Kuch Hota Hai.[1]Film mau menangaké bebungah ing Filmfare Award 1998, dadi Best Movie lan Best Director.[1]

SasiNovember2009, Johar wis ngerampungaké filem kang judhulé My Name Is Khan,filem kang dibintangiShahrukh Khan lanKajol Devgan.[1]Film mau dirilis tanggal12 Fèbruari2010 lan diputer pisanan ingAbu Dhabi lanBerlin.[1]

Ingtelevisi, dhèwèké dadi presenter acara judhulé Koffee with Karan.[1]Taun 2010, dhèwèké uga nggarap acara televisi kang judhulé Lift Kara De.[1]

Taun 2007, Johar kapilih dadi salah sijiné 250 Global Young Leaders déning Geneva.[1]Sadurungé, ing tanggal30 September2006, dhèwèké dadi sutradaraIndia kaping pisanan kang dadi juri ing ajang Miss World ingWarsaw,Polen.[1]

Taun2011, dhèwèké nggarap filem kang judhulé SHORT TERM SHAADI.[2]Film iki bakal dirilis nalika karaméanValentin taun 2012.[2]Film iki dijupuk ingLas Vegas lan ningMumbai.[2]

Filmography

[besut |besut sumber]

Minangka Aktor

[besut |besut sumber]
  • 1995 Dilwale Dulhania Le Jayenge
  • 2004 Main Hoon Na
  • 2008 Fashion
  • 2009 Luck by Chance

Minangka Sutradara

[besut |besut sumber]
  • 1998 Kuch Kuch Hota Hai
  • 2001 Kabhi Khushi Kabhie Gham
  • 2006 Kabhi Alvida Naa Kehna
  • 2010 My Name is Khan

Minangka Produser

[besut |besut sumber]
  • 1998 Duplicate
  • 2003 Kal Ho Naa Ho
  • 2010 I Hate Luv Storys

Bebungah[1]

[besut |besut sumber]

Filmfare Award

[besut |besut sumber]
  • 1999 Best Director and Best Screenplay-Kuch Kuch Hota Hai
  • 2002 Best Dialogue-Kabhi Khushi Kabhie Gham

IIFA Award

[besut |besut sumber]
  • 2001 Best Costume Designer-Mohabbatein
  • 2002 Best Dialogue-Kabhi Khushi Kabhie Gham

Star Screen Awards

[besut |besut sumber]
  • 1999 Best Director-Kuch Kuch Hota Hai
  • 2004 Best Screenplay-Kal Ho Naa Ho

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijklmnopqrbiografi Karan Johar dipununduh tanggal 21 Agustus 2011
  2. abcberita Karan Johar dipununduh tanggal 21 Agustus 2011


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Karan_Johar&oldid=1394500"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp