Kanker dipunsebabaken saking pinten-pinten faktor, inggih punika:
panganan ugi saged dados faktor wigati ing kaknker, kautamakanker pencernaan.Tuladha panganan ingkang saged njalari kanker inggih punika:
- panganan kang dipunasap utawi dipunasemaken (awujud acar), ningkataken kadadosanipunkanker lambung.
- jat warna pakéan.
- Logam berat kados tamerkuri ingkang asring wonten ing pangananseafood kang tercemar kados ta: kerang,ulam, lsp.
- panganan (manis,tepung) kang dipunproses kanthi langkung.
Virus kang dipuncurigani njalari kanker, inggih punika:
- Virus Papilloma njalari kutil piranti kelamin(genitalis), minangka salah satunggaling jalaran kanker leher rahim wonten ing tiyang éstri.
- Virus Sitomegalo njalari Sarkoma Kaposi (kanker sistem pembuluh darah kang dipuntengeri lesi kulit warnanipunabrit).
- Virus Hepatitis B njalarikanker hati.
- Virus Epstein-Bar(ingAfrika) njalari Limfoma Burkitt, ingCina virus punika njalarikanker hidung sahakanker tenggorokan.
- Virus Retro wonten ing manungsa mliginipun virus HIV njalari limfoma saha kanker darah sanèsipun.
- ngrokok, ngonsumsi panganan kang kathahlemak, ombénan alkohol ugi minangka faktor perilaku.
- perilaku sèksual inggih punika nglakokaken gayutan intim ing usia dini saha gantos-gantos pasangan.
Hormon estrogen fungsinipun ngrangsang gesanganingsel kang cenderung njalari kanker, progesteron nglindungi pagesanganing sel kang langkung, limrahipun njalari risiko kanker payudara, kanker leher rahim, kanker rahim saha kanker prostat saha buah zakar ing tiyang jaler.
Stres, njalari ganggguan kaseimbangan seluler sarira.
Radikal bébas inggih punika atom, gugus atom, utawi molekul ingkang gadhah electron bébas kang boten pasangan ing bundheran sekitaripun.[3]