Kana (仮名,Kana?) ya iku tulisan silabik Jepang, pérangan saka sistem panulisan kang misuwur ing Jepang (kanji (漢字)) kang béda marang panulisanlogografis Cina. Ana telung cara panulisan kana: tulisan modhèrenhiragana (ひらがな);[2]katakana (カタカナ); lan cara nggunakaké silabus kanji kuna iki sinebutman'yōgana (万葉仮名) sing dadi baboné, lan mujudaké leluri kalorone.Hentaigana (変体仮名, "varian kana") menika warna historis hiragana standar modhèren. Ing basa Jepang modhèren, hiragana lan katakana nduwèni jinis karakter kang makili swara kang padha.
Amargi sithiké jumlahfonem ing basa Jepang, sarta struktur wanda kang rélatif kaku, sistem kana dadi karakter sing paling akurat kanggo nggambaraké pangucapan basa Jepang.