Artikel iki macakaksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggoaksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacanaPitulung:Aksara Jawa.
Kamaharajan ya iku kumpulané organisasi pulitik ingkang gadhah wewengkon géografis ingkang wiyar. Dhèwèké mandhégani nagara, kelompok suku utawi ètnik lan bangsa. Punika dipunnyawijikaken lan kabawah kaliyan kaisar(monarki), utawi kanthi satunggal sistem papréntahan oligarki.Umpami ditiliki saking babagan géopulitik, tembung kamaharajan gadhah teges ingkang bèntèn, wiwit saka nagara teritorial ekstrim ing bagéyang kang paling kuat, nganti nagara kang dumadi saka gabungan kuthané nagara kang paling ringkih.
TetembunganKemaharajan dimangertèni kawiwitan ingsajarah lanbasa Indonésia ya iku saka prabawané India purba, nganggo saranabasa Sanskerta;Maharaja, ya iku "Raja kang sakdhuwuré Raja"; pramila tetembunganKemaharajan ngrujuk marang Kerajan agung ingkang gadhah dedeg kang luwih dhuwur saka kerajan akèh liyané. Kemaharajan raya kaya taSriwijaya lanMajapahit diweruhi ing babagan sajarah Indonésia.
Tetembungan liya kang asalé saka prabawa Éropah, ya ikuimperium ingkang kasil sakabasa Latin duwé teges "kakuwatan" utawa "kewenangan".
Secara etimologi, penggunaan istilah "imperium" menunjukkan suatu nagara-bangsa terpusat yang kuat, akan tetapi dalam penggunaan yang lebih longgar juga merujuk pada perusahaan transnasional skala besar.
Struktur pulitik kemaharajan diyasa nganggé rong tata cara: (i) dumadikemaharajan tèritorial mawi cara nguwasani langsung nganggokakuwatan (polahé badan langsung kanggé netepi ambisiné kaisar), lan (ii) dumadikemaharajan hegemonik gadhah watak koersif, nguwasani ora langsung mawi aturankekuasaan (panyeruhan manawi kaisar saged meksa keéenginané). Konsep kapisan mènèhi kekuasaan kang luwih gedhé lan kontrol pulitik langsung, nanging mbatesi pengembangan sabanjuré amargi nyedhot kakuwatan militèr ing salah sawijining garnisun. Konsep kapindho, ya iku maringi kekuasaan kang luwih cilik dan kendali ora langsung, nanging mènèhi kalonggaran kakuwatan militèr supaya nglakokaké ekspansi saterusé. Kemaharajan teritorial (contoh:Kamaharajan Mongol, danKamaharajan Pèrsi) duwé ciri kawasan kang saya ngamba. Tetembungan kemaharajan uga ngrujuk kanggo kemaharajanmaritim utawathalasokrasi, (tuladha:Liga Délos lanImperium Britania) mawi struktur ingkang luwih longgar lan wewengkone kang wis kasebar.