Jeneng asli ing basaSumerian ikuIdigna utawaIdigina, mbokmanawa saka*id (i)gina "banyu mili",[1] kang bisa ditafsiraké dadi "kali kang mili rikat", kosokbalèn karo kali ing sacedhaké,Kali Efrat, kang mili alon-alon amarga ngandhut luwih akèh blethok lan endhapan tinimbang Tigris. Tembung iki disilih saka basa AkkadianIdiqlat. Apa liwat serapan ing basaPèrsi utawa langsung saka basa Akkadian, tembung iki diadhopsi déning basaYunani dadiTigris (kang tegesé "macan"). Ing kitabInjil Hebrew, kali iki diarani חִדֶּ֫קֶל (Ḥiddẹqel,KJVHiddekel)
Ing basaTurki,diş tegesé untu lan uga nuduhaké kaanan "landhep". BasaPahlavitigr tegesé "panah", ing kulawarga basa kang padha kaya dénéPèrsi Kunatigra- "lancip" (bandhingakétigra-xauda), basaPèrsi modhèrentêz "landhep". Sanajan mangkono, bab iki ora nuduhaké yèn kabèh mau jeneng asli saka kali iki, nanging (kaya wangun ing basaSemitic jeneng mau) dowahi dadi tiron saka jeneng asli ing basa Sumeria. Bab iki mèmper karo jeneng saka basa Pèrsi Kali Efrat,Ufratu, kang ora duwé makna ing basa Pèrsi, nanging isih dianggep saka jeneng basa Sumeria,Purattu.
Jeneng liya kali Tigris, dipigunakaké mataun-taun déningKakaisaran Pèrsi, ya iku Arvand Rud, tegesé Kali Arvand. Saiki jeneng Kali Arvand mau dadi jeneng basaPèrsi kanggo patemon antaraKali Efrat lan Tigris, kang ing basaArab diaraniShatt al-Arab.
Jeneng Kali Tigris sajeroning basa kang wigati tumrap tlatah iki:
Sajeroning kitabGenesis, Kali Tigris iku kali saka papat kang ana ing swarga. NabiDaniel dikabaraké tau nampavision(wahyu?/penampakan?), ing pinggir Kali Tigris.