Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kali Kampar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kali Kampar (Batang Kampar)
Kali Kampar ing cerakMuara Takus, Sawijining tokoh Buddhis sajarah kompleks candhi dinuga duwé karajan Sriwijaya
CountryIndonésia
StatesSumatra Kulon,Riau
DistrictsLima Puluh Kutha,Sijunjung,Kampar,Kuantan Singingi,Pelalawan

Kali Kampar iku sawijininglèpèn kang mili ingKabupatèn Kampar,Riau (sadurungé dimekaraké dadi telungprovinsi taun2000, ya ikuKampar,Rokan Hulu lanPelalawan).

Hulu Kali Kampar ana ing PangkalanKutha Baru,Sumatra|Sumatra Kulon. Tansaya kahilir kali iki tansaya amba lan volumebanyuné uga tansaya akèh amarga ditambahi saka anak-anaklepené.Lepen iki tembusé ingKabupatèn Pelalawan lan uga kaloka kanthi "gelombang Bono"-né.

Bono iku ombak dhuwur kang diakibataké déning patemonbanyu kali karobanyu sagara. Bono lumrahé dumadi nalika sagara pasang, saénggabanyu kang asal saka kali, kasurung déningbanyu sagara. Ditambah manèh kanthi cethèké muara ndadèkaké gelombangé tansaya dhuwur.Lepen Kampar uga kerep banjir kang bisa ngrendhemdésa|désa-désa saubengé antarané:Désa Tanjung Balam, Buluh Cina,Kampung Pinang,Lubuk Siam, dan Désa Teratak Buluh.[1]

Béda karoKali Siak, Kali Kampar nduwé muara kang cethèk saénggakapal-kapal ukuran gedhé ora bisa nglayarilèpèn mau. Déné Kali Kampar kang muarané jero bisa dilayari déningkapal-kapaltanker nganti tekanPekanbaru.

Pamanfaatan kali

[besut |besut sumber]

Kali Kampar minangka salah siji kali kang wigati kanggonéRiau. Ing kali iki diwangunPLTA kanthi daya 114 MW, ya iku ing tlatahKoto Panjang. Listrik kang dikasilaké banjur dialiraké menyang Provinsi Riau lanSumatra Kulon.

Sawetara tlatah wigati kang diliwati Kali Kampar antarané:Bangkinang (Kutha krajanKabupatèn Kampar),Taratak Buluh,Buluh Cina lanPangkalan Kerinci kang dadi Kutha krajanKabupatèn Pelalawan.

Réferènsi

[besut |besut sumber]

<Réferènsi/>

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
  1. "Kemitraan Air Indonesia, Sungai Kampar di Riau Meluap". Diarsip sakasing asli ing 2004-01-31. Dibukak ing2008-01-31.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kali_Kampar&oldid=1691325"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp