Kali Brahmaputra,[1] uga diarani Tsangpo-Brahmaputra, iku sawijining kalilintas-wates lan salah siji saka kali-kali utama ingAsia.
Saka asal sumberé ingTibet kidul-kulon minangkaKali Yarlung Tsangpo, kali iki mili ngliwati Tibet kidul nembus pagununganHimalaya ing sawijiné jurang gedhé lan lumebu menyang tlatahArunachal Pradesh lan ing kana sinebutKali Dihang.[2] Kali iki sabanjuré mili tumuju kidul-kulon ngliwati Lembah Assam banjur sinebutBrahmaputra lan terus mangidul ngliwatiBangladesh (ing kana diaraniJamuna). Ing tlatah iki Kali Brahmaputa nggabung karoGangga lan ndadèkaké sawijining dhèlta kang gedhé. Watara 1,800 mi (2,900 km) dawané, kali iki minangka sumber wigati tumrap irigasi lan transportasi. Ing pérangan ndhuwur suwé ora dikawruhi, lan anané karo Kali Yarlung Tsangpo lagi diweruhi liwat eksplorasi ing taun 1884-86. Kali iki kerep sinebut Kali Tsangpo-Brahmaputra.
Sanajan akèh kali-kali ing India lan Bangladesh nduwé jeneng wanita, kali iki duwé jeneng lanang kang langka, kang tegesé "putraBrahma" ing basaSanskreta.
Mèh sadawaning Kali Brahmaputra iku bisa dilayari. Ing pérangan ngisor dianggep suci déning masarakatHindhu. Kali iki nduwé potènsi banjir gedhé ing mangsa semi nalika salju ing pagunungan Himalaya salju lèlèh dadi banyu. Kali iki uga salah siji saka sethithik kali ing donya kang duwé "ombak pasang".
↑Brahmaputra uga diarani ing sawetara basa:Basa Assam:ব্ৰহ্মপুত্ৰBrôhmôputrô;Banggala:ব্রহ্মপুত্রBromhoputro;Hindi:ब्रम्हपुत्र,IAST:Bramhaputra;Tibetan: ཡར་ཀླུངས་གཙང་པོ་; Wylie:yar klung gtsang po Yarlung Tsangpo