Kakhanan Krim wiwit ana nalikaGrombol Emas Monggolia ruwag ingabad kaping 15 mawa punjeré ana ingTanjung Krim. Ing sakiwa tengené taun1441 wong Tatar Krim ngedegaké sawijining tlatah wewengkon Khan utawa diarani Kakhanan sangisoring pimpinané Giray, sawijining kulawarga wangsa Jingisid. Wewengkoné ana ing sakiduling tanah sing saiki dadi wewengkoné Ukraina, wiwit taun1556 tlatahéGrombol Nogay antaraAsov lanKuban saha Tanjung Krim. Sapérangan gedhé tlatah iki kabèh ing tembé bakal dadi wewengkonéRuslan lan diarani tlatahDonbass. Kutha nagarané ya iku Bakhchisaray. Kakhanan Bangsa Tatar Krim iku siji-sijiné karajan panerusé Grombol Emas, sing bisa èksis nganti suwé, ya iku nganti taun1792. Ngantiabad kaping 18, wong-wong Tatar Krim kerep perang lan mbedhah tlatah-tlatah ing Ukraina sing nalika iku dadi wewengkoné Polen-Litowen,Moldavia lan Ruslan. Saka tlatah-tlatah iki wong Tatar Krim mboyong para batur tukon sing dadi "komoditas èkspor" ékonomi Tatar Krim sing wigati dhéwé. Wong Tatar Krim ya dagang karo Kakaisaran Osmaniyah. Déning Kakaisaran Osmaniyah wong Tatar Krim direksa lan wong Tatar Krim dadi panyebar lan sesulihéIslam ing Ukraina.