Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kakaisaran Bizantin

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kamaharajan Romawi Bizantin
Ῥωμανία
Rhōmanía
Romania
 Austria
Kamaharajan
330–1453
Flag
Gendéra Kamaharajan ing mangsa pungkasan (abad kaping 14)
Lambang kamaharajan ing ngisoré Palaiologos
Lambang kamaharajan ing ngisoréPalaiologos
Pernahé Kamaharajan Romawi Wétan
Perkembangan wewengkon Kamaharajan
Kutha krajanKonstantinopèl
BasaYunani,Latin
AgamaPaganisme Romawi nganti taun 391,Ortodoks Wétan ditoléransi sawiséEdictum Mediolanense taun 313, lan dadi agama nagara sawisé taun 380
PamaréntahanOtokrasi
Kaisar
 • 306–337Konstantinus ingkang Agung
 • 1449–1453Konstantinus XI
Bebadan lègislatifSenat
Jaman sajarahAbad Kuno-Akhir Abad Pertengahan
 • Diokletianus mecah papréntahan kamaharajan antarané kulon lan étan285
 • PendirianKonstantinopèl11 Mèi 330
 • PenjatuhanRomulus Augustulus, Kaisar Romawi Kulon476
 • Skisma Wétan-Kulon1054
 • Lèngsèré Konstantinopèl menyangWadya Salib1204
 • Penaklukan manèh Konstantinopèl1261
 • Lèngsèré Konstantinopèl29 Mèi 1453
 • LèngsèréTrebizond1461
Cacah wong
 • Étungan Abad kaping 434,000,000 
 • Abad kaping 8 (780 AD) est.7,000,000 
 • Abad kaping 11 (1025 AD) est.12,000,000 
 • Abad kaping 12 (1143 AD) est.10,000,000 
 • Abad kaping 13 (1281 AD) est.5,000,000 
ValutahSolidus,Hiperpiron
Sadurungé
Sawisé
Kakaisaran Romawi
Kesultanan Utsmaniyah
Saiki dadi péranganing Albania
 Aljazair
 Armenia
 Bosnia dan Herzegovina
 Bulgaria
 Georgia
 Gibraltar
 Israèl
 Itali
 Kroasia
 Lebanon
 Libya
 Malta
 Mesir
 Montenegro
 Prancis
Cithakan:Country data Républik Makedonia
 Rumeni
 San Marino
 Serbia
 Siprus
 Slowén
 Spanyol
 Suriah
 Tunisia
 Turki
 Ukraina
  Vatikan
 Yordania
 Yunani
Warning:Value specified for "continent"does not comply

Kakaisaran Byzantium' utawiKakaisaran Romawi Wétan (Éjaan liya:Bizantin,Byzantin,Byzantine,Bizantium) ya iku wewengkon wétanéKamaharajan Romawi ingkang mligine nganggoberbasa Yunani[1] ingAbad Kuno lanPertengahan. Warga lan tangga cedhaké Kamaharajan Romawi Wétan mènèhi jeneng nagara iki kanthi asma Kamaharajan Romawi, utawa Romania (Yunani:Ῥωμανία,Rōmanía). Kamaharajan iki musaté ingKonstantinopèl, lan dikuasani déning kaisar-kaisar panggantiné kaisar Romawi kuna sawisé lèngsèréKamaharajan Romawi Kulon. Boten wonten konsensus ngenani tanggal wiwité kalamangsaRomawi Wétan. Pérangan wong nyebat manawi mangsa kekuasaanDiokletianus (284-305) sebab reformasi-reformasi papréntahan ingkang ditepangake marang dhèwèké, mbagi nagara mau dadipars Orientis lanpars Occidentis.[2] Pihak liyané nyebat mangsa kekuasaanTheodosius I (379-395), utawa sawisé kematiané ing taun395, wektu kamaharajan kepecah dadi pérangan Wétan lan Kulon. Wonten uga ingkang nyebat taun476, ya iku wektuRoma dijajah kaping telu ing saabad ingkang mertandhakaken lèngsèré Kulon (Latin), lan ngakibatkaké kaisar ing Wétan (Yunani) pikantuk kekuasaan tunggal.[3] Upama makaten, titik ingkang wigati ing sajarah Romawi Wétan ya iku wektuKonstantinus ingkang Agung mindhah kutha krajan sakaNikomedia (ingAnatolia) menyangByzantium (ingang arep dadi Konstantinopèl) ing taun 330.

Negera punika madek kirang luwih sampun ewunan taun. Sajeroning anané, Romawi Wétan, dumadi kekiyatan ékonomi, budaya, lan militèr ingkang rosa ing Éropa, sandyan terus ngalami kamunduran, mligi ing mangsaPaperangan Romawi-Pèrsi lanRomawi Wétan-Arab. Kamaharajan iki direstorasi ing mangsaDinasti Makedonia, bangkit dadi kekiyatan gedhé ingMediterania Wétan ing pungkasan abad kaping 10, lan bisa nyaingiKekhalifahan Fatimiyah. Sawisé taun 1071, sapérangan gedhéAsia Cilik direbut déningTurki Seljuk.Restorasi Komnenos kasil ngiyataken dominasi ing abad kaping 12, nanging sawisé sedanipunAndronikos I Komnenos Lan paripurnanéDinasti Komnenos ing pungkasan abad kaping 12, kamaharajan ngalami kamunduran manèh. Romawi Wétan saya kagoncang ing mangsaPerang Salib Kapapat taun 1204, wektu kamaharajan iki dibubaraké mawi peksa lan dipisah dadi nagara-nagara Yunani lan Latin ingkang satru. Kamaharajan kasil didekné malih ing taun 1261 ning ngisoré pimpinan kaisar-kaisarPalaiologos, nanging perang sadulur ing abad kaping 14 terus nglemesaké kekiyatan kamaharajan. Turahan wewengkone dicaplok déningKesultanan Utsmaniyah ingPaperangan Romawi Wétan-Utsmaniyah. Pungkasané,Konstantinopel ksil direbut déning Utsmaniyah ing tanggal 29 Mèi 1453, pratandha paripurnané Kamaharajan Romawi Wétan.

Tata asma

[besut |besut sumber]

Kamaharajan punika wiwit diarani"Bizantium" ingÉropa Kulon taun 1557, wektu sejarawan JérmanHieronymus Wolf nerbitake karyané ingkang gadhah sesirahCorpus Historiæ Byzantinæ. Tembung "Bizantium" dumadi saka tembung "Byzantium", inggih punika namanipun kuthaKonstantinopèl sakdèrèngé dadi kutha krajanKonstantinus ingkang Agung. Kawiwitan saka iku, jeneng tuwa iki jarang dienggo, kejawi ing konteks sajarah lan geguritan. Sakalajengipun,Byzantine du Louvre (Corpus Scriptorum Historiæ Byzantinæ) taun 1648 lanHistoria Byzantina karyaDu Cange taun 1680 saya misuwuraké tetembungan Bizantium ing antarané pangarang-pangarang Prancis, kaya taMontesquieu.[4] Istilah punika sabanjuré ngilang nganti abad kaping 19 wektu piyantun Kulon bali nganggo manèh.[5] Sakdèrèngé, istilahYunani iki ingkang diginakaken kanggé kamaharajan punika.

Negera punika dipunparingi asma dhumateng rakyaté kanthi asmaKamaharajan Romawi,Kamaharajan Orang-orang Romawi (Latin:Imperium Romanum,Imperium Romanorum,Yunani:Βασιλεία τῶν Ῥωμαίων,Basileía tôn Rhōmaíōn,Αρχη τῶν Ῥωμαίων,Arche tôn Rhōmaíōn),Romania[n 1] (Latin:Romania,Yunani:Ῥωμανία,Rhōmanía),Républik Romawi (Latin:Res Publica Romana,Yunani:Πολιτεία τῶν Ῥωμαίων,Politeίa tôn Rhōmaíōn),[7]Graikía (Yunani: Γραικία),[8] lan ugaRhōmaís (Ῥωμαΐς).[9]

Sanadyan Kamaharajan Romawi Wétan duwé ciri multietnis ing sejarahipun,[10] sarta njaga tradhisi Romawi-Helenistik,[11] nagara punika dipunmangertosi nagara-nagara kulon lan lor ing jamané kanthi asmaKamaharajan Piyantun Yunani[n 2] amargi rosané prabawa Yunani.[12] Pangageman istilahKamaharajan Piyantun Yunani (Latin:Imperium Graecorum) ing Kulon dumadi lambang penolakan klaim Bizantium makilakéKamaharajan Romawi.[13] Klaim Romawi Wétan dhumateng warisan Romawi ditentang ing Kulon ngepasi jaman MaharaniIrene dari Athena amargi pangangkatanKarel ingkang Agung dadiKaisar Romawi Suci ing taun 800 déningPaus Leo III, ingkang meruhi takhta Romawi kosong (boten wonten panguasa jaler). Paus lan panguasa saking Kulon luwih nyenengi istilahImperator Romaniæ tinimbangImperator Romanorum, gelar ingkang diginakaken namung kanggé Karel ingkang Agung lan panerus-paneruse.[14]

Sawetara iku, ing peradabanPerseia,Islam, lanSlavia, idhèntitas Romawi negera iki diakoni. Ing donya Islam, Kamaharajan Romawi Wétan dingertèni kanthi asma روم (Rûm "Roma").[15][16]

Wonten ing atlas-atlas sajarah modhèren, kamaharajan punika lumrahé dipunparingi asmaKamaharajan Romawi Wétan ing kalamangsa antara 395 nganti 610. Ing peta-peta kang nggambaraké Kamaharajan sawisé taun 610, istilahKamaharajan Bizantium lumrahé dienggo amargi ing taun 620 kaisarHeraklius nggantèni basa resmi kamaharajan sakingLatin menyangYunani.[17]

Jati diri

[besut |besut sumber]

Kamaharajan Romawi Wétan saged dipundefinisikaken dadi kamaharajan multi-ètnis kang njedhul dadi kamaharajan Kristen, banjur kapérang dadi kamaharajan Wétan kang wis di-Helenisasi lan mungkasi sajarah èwuan taun, ing 1453, dadi NagaraOrtodoks Yunani: Sawijining kraton kang dadinagara, ingkang mèh padha tegesé modhèren saka tembung mau".1

Wonten ing abad-abad sawisé penjajahanArab lanLangobardi ingabad kaping 7, watek multi-etnisné (sanadyan dudu multi-bangsa) tetep ana pramila pérangan-bagiané,Balkan lanAsia Cilik, duwé populasi Yunani kang gedhé. Etnis minoritas lan komunitas gedhé agama liya (contoné bangsaArmenia) manggon ing cedhak perbatesan. Rakyat Romawi Wétan nganggep dhèwèké wong Ρωμαίοι (Rhomaioi-Romawi) kang wus dadi sinonim kanggo wong Έλλην (Hellene-Yunani), lan sregep ngembangaké kesadaran diri dumadi nagara, dadi penduduk Ρωμανία (Romania, ya iku celukané kanggo Nagara Romawi Wétan lan donyané). Perkawis iki gamblang diweruhi ing karya sastra kalamangsa iku, mligi ingwiracarita kayaDigenes Akrites.

Paleburan resmi nagara Romawi Wétan ingabad kaping 15 ora langsung ngancuraké masarakat Romawi Wétan. Ing mangsa pandudukan Turki, wong Yunani terus nyeluk pribadining dhèwèké kanthi asma Ρωμαίοι (bangsa Romawi) lan Έλληνες (bangsa Yunani), sawijining ciri-ciri ingkang tetep ana nganti wiwité abad kaping 21 lan isih ana ingYunani modhèren saiki, sanadyan “Romawi” wus dadi jenengé “rakyat” saka sinonim bangsa kaya ing jaman mbiyèn.

Sajarah

[besut |besut sumber]

Wiwité Sajarah Kamaharajan Romawi

[besut |besut sumber]

Bala wadya Romawi wayah iku kasil nguwasani panggonan kang amba ingkang nyakup sakabèhing wewengkonMediterania lan pérangan gedhéÉropa Wétan. Wewengkon-wewengkon iki kapérang saka akèh golongan budaya, wiwit kang ijik primitif nganti kang wus nduwé peradaban maju. Kadeleng kanthi umum, provinsi-provinsi ing wewengkon Mediterania wétan luwih makmur lan maju amarga wis ngalami perkembangan kang rikat ing jamanKamaharajan Makedonia sarta wis ngalami prosèshellenisasi. Saliyané iku, provinsi ing wewengkon Kulon akèh-akèhé mung wujud padésan kang ketinggalan jaman. Bédané antara kaloro wewengkon iki anané suwé lan dadi wigati ing taun-taun saterusé.[18]

Pamisahan Kamaharajan Romawi

[besut |besut sumber]

DekretCaracalla ing212,Constitutio Antoniniana, ngambakakekewarganagaraan ing njaba Italia kanggo kabèh wong lanang gedhé bébas ing sakabèhing Kamaharajan Romawi, kanthi èfèktif ningkatkaké populasi provinsi kanggo madhakaké status karo kuthaRoma dhéwé. Pentingé dèkret iki luwih bersejarah tinimbang cara pulitik. Dekret iku ya iku dhasar kanggo integrasi. Mekanisme ékonomi lan ukum saka nagara bisa diterapkaké ing sakabèhingMediterania kang naté dilakoké sadurungé sakaLatium menyang sakabèhing Italia. Wis mesthi, integrasi ora kadadéan kanthi seragam. Masarakat kang wus nyawiji karo Roma, kayaYunani ketulung karo dekret iki, dibandingké karo panggoné kang luwih adoh, mlarat banget utawa asing banget kang kayaKarajan Manunggal,Palestina utawaMesir.

Ing taun 293,Diokletianus nyipta sistem administratif kang anyar (tetrarki)[19] dadi institusi kang dimaksudke kanggo ngefisienaké kontrol Kamaharajan Romawi kang amaba. Dhèwèké mbagi Kamaharajan dadi loro pérangan, kanthi loro kaisar mréntah saka Italia lan Yunani, pendhak duwé wakil-kaisar. Sabanjuré jaman kakuasaan Diokletianus lanMaximianus paripurna, tetrarki runtuh, lanKonstantinus I nggantèkaké kanthi prinsip panggantiyan turun temurun.[20]

Konstantinus mindhahaké punjer kamaharajan, lan nggawa owah-owahan kang wigati ing konstitusi sipil lan religius.[21] Ing taun 330, dhèwèké ngadegaké Konstantinopèl dadi Roma kapindho ing Byzantium. Posisi kutha mau strategis ing adol tinuku antarané Wétan lan Kulon. Sang kaisar ngenalaké koin (solidus emas) kang duwé rega dhuwur lan stabil,[22] sarta ngubah struktur angkatan prasenjata. Ing kontrolé Konstantinus, kekiyatan militèr kamaharajan wus mari. Periode kastabilan lan kasejahteran uga bisa dirasakaké.

Pembaptisan Konstantinus yang dilukis olèh murid-muridRaphael

(1520–1524).Eusebius dari Caesaria mencatat bahwa Konstantinus menundapembaptisan hingga saat sebelum kematiannya, seperti yang menjadi tradisi padha mangsa itu.[23]]]

Ing kakuasan Konstantinus,Kekristenan ora dadi agama eksklusif nagara, nanging dijurung karo kamaharajan, apamenèh sang kaisar ndukungé kanthi hak-hak kang akèh. Sang kaisar ngenalaké prinsip upama kaisar ora perlu ngebaraké pitakonan dhoktrin, nanging perlu nimbali dewan-dewan kagerejan kanggo tujuwan iku.Sinode Arles dinyawijikaké karo Konstantinus, lanKonsili Nicea Kapisan mameraké klaim dhèwèké kanggo dadi kepala gréja.[24]

Kaanan kamaharajan taun 395 bisa diarani dadi asil kerjané Konstantinus. Prinsip wangsa kang diterapaké kanthi tegas saéngga kaisar kang séda ing jaman iku,Theodosius I, bisa merisaké kamaharajan tumuju anak-anaké:Arcadius ing Kulon lanHonorius ing Wétan. Theodosius ya iku kaisar pungkasan kang nguasani sakabèhing Romawi Kulon lan Wétan.[25]

Kamaharajan Wétan kasingkrih saka kangélan-kangélan kang diadhepi karo Kulon ing abad katelu lan kapapat, amarga Wétan duwé budaya urban kang luwih mapan lan sumber daya finansial kang luwih kuwat, saéngga bisa mandhekaké panyerangan nganggoupeti lan nyéwa wadya-wadya bayaran.Theodosius II nguatkakétémbok Konstantinopel, saéngga kutha mau aman saka serangan-serangan; témbok iku ora bisa ditembus nganti taun 1204. Kanggo ngusirwong-wong Hun kang ana ing ngisoré kapemimpinanAttila, Theodosius mènèhi dhèwèké subsidi (jaréné 300 kg (700 lb) emas).[26] Dhèwèké uga njurung pedagang Konstantinopel kang dodolan karo wong Hun lan bangsa liyané.

thumb|300px|Kamaharajan Romawi Timur taun 500 M.

Panerusé,Marcianus, nolak nerusaké mbayar upeti iki. Untungé, Attila wus ngalihaké perhatiané tumuju Kamaharajan Romawi Kulon.[27] Sawisé matiné taun 453, negera Attila ancur lan Konstantinopel mbukak gayutan kang nguntungaké karo wong Hun kang jik ana. Dhèwèké akhiré tempur dadi wadya bayaran ing angkatan bala wadya Romawi Wétan.[28]

Sawusé runtuhé Attila, katentreman bisa dirasakaké ing Romawi Wétan, sawatara Romawi Kulon runtuh (karuntuhané kacatet ing taun 476, wayah jenderal Romawi JermanikOdoacer nglèngsèraké kaisarRomulus Augustulus).

Kanggo ngrebut manèh Italia, kaisarZeno mung bisa negosiasi karoOstrogoth kang wus manggon ingMoesia. Dhèwèké ngirim ratu OstrogothTheodoric menyang Italia dadimagister militum per Italiam ("kepala komando kanggo Italia"). Sawusé kasil nglèngsèraké Odoacer ing taun 493, Theodoric nguwasani Italia.[25]

Ing taun 491,Anastasius I dadi kaisar. Dhèwèké ya iku wong reformis energetik lan administrator kang cakap. Anastasius nyempurnakaké sistem koin Konstantinus I kanthi ngatur bobotfollis perunggu, koin kang akèh dienggo ing kauripan sabendina.[29] Dhèwèké uga ngubah sistem perpajekan, sarta ngilangaké pajegchrysargyron kang ora disenengi. Wayah Anastasius séda ing taun 518, jumlah kas nagara kacathet gedhéné 320.000 lbs (145.150 kg) emas.[30]

Panaklukan manèh Romawi Kulon

[besut |besut sumber]
Artikel baku:Yustinianus I
Mosaik Yustinianus I diBasilika San Vitale,Ravenna.

Yustinianus I, kang munggah singgasana ing taun 527, nglancaraké panaklukan manèh Romawi Kulon.[31] Ing taun 532, putra taniIllyria ikunandatangani prajanjèn damai karoKhosrau I saka Pèrsi. Sanadyan kudu mbayar upeti taunan kang akèh, front wétan Bizantium dadi aman. Ing taun kang padha, Yustinianus slamet sakakarusuhan Nika ing Konstantinopel, kang dipungkasi kanthi matiné telung puluh èwu perusuh. Kamenangan iki nguataké posisi Yustinianus.[32]Paus Agapetus I dikirim menyang Konstantinopel karo ratuOstrogothTheodahad, nanging wurung tumuju prajanjèn perdamaian karo Yustinianus. Nanging, ora kasil agawémonofisitisme dicela.

Panaklukan manèh Romawi Kulon diwiwiti ing taun 533. Yustinianus ngirim jendraléBelisarius lan 15.000 wadya kanggo ngrebut manèh provinsi Afrika sakasuku Vandal kang wus kuwasa saka taun 429.[33] Karajan Vandal kasil ditundhukaké.[32] Sawetara iku, ingItalia Ostrogoth, ratuAthalaric ninggal ing tanggal 2 Oktober 534. Ibuné,Amalasuntha, dikunjara lan dipatèniTheodahad ingpulau Martana. Yustinianus ndelok kanthi kesempatan kanggo nglakokaké intervensi. Ing taun 535, wadya Romawi Wétan dikirim menyangSisilia. Kamenangan kasil karaih, nanging Ostrogoth nguataké pralawanan dhèwèké. Kamenangan anyar bener-bener kasil ing taun 540, wayah Belisarius ngrebutRavenna.[34]

Wewengkon Romawi Timur padha mangsa Yustinianus.

Émané, Ostrogoth kasil didakaké manèh ing ngisoré kapemimpinanTotila lan ngrebut Roma ing tanggal 17 Dhésèmber 546. Belisarius ditarik déning Yustinianus wiwit taun 549.[35] KasimNarses nggantekaké ing pungkasan taun 551 karo nggawa bala wadya 35.000 akèhé. Totila kasil dikalahaké lan mati ingPaperangan Busta Gallorum. Panerusé,Teia, kasil ditaklukaké ingPaperangan Mons Lactarius (Oktober 552). Sakbanjuré iku, suku Goth isih terus nglawan.Suku Franka lanAlamanni uga nglancaraké invasiné. Sanadyan mangkono, perang kanggo nguwasani ujung Italia wus rampung kanthi kamenangan Romawi Wétan.[36]

Ing taun 551, bangsawanVisigoth ingHispania,Athanagild, njaluk bantuan Yustinianus ing pamberontakan nglawan ratu. Sang kaisar ngirim wadya ing ngisoré pimpinan Liberius. Kamaharajan Romawi Wétan kasil nguasani sapérangan wewengkon ing pasisirSpania nganti mangsa kakuasaanHeraklius.[37]

Sawetara iku, ing wétan,Paperangan Romawi-Pèrsi kadadéan nganti taun 561, wayah Yustinianus lan Khosrau nyetujoni panentreman 50 taun suwéné. Ing panengahan taun 550, Yustinianus wus éntuk kamenangan ing sakabèhing paperangan, kanthi pengecualian ingBalkan, wektu kamaharajan terus diserang déningbangsa Slavia. Ing taun 559, kamaharajan diancem déningKutrigur lanSklavinoi. Yustinianus ngundang Belisarius, lan mangkono bebaya wus ilang, sang kaisar ngenggoni kakuasaan dhéwékan. Pawarta upama Yustinianus nguataké armada Donaunya agawe Kutrigur bingung, saéngga dhèwèké sarujuk kanthi traktat kang menèhi dhèwèké subsidi lan ngolèhaké dhèwèké mulih kanthi aman ngléwati kali Donau.[32]

Yustinianus uga misuwur amarga préstasiné ing babagan ukum.[38] Ing taun 529, komisi kang cacahé sepuluh wong kang dikepalani déningIohannis Orientalis merevisi undang-undang Romawi kuna. Sakabèhing "undang-undang Yustinianus" jaman saiki kaloka kanthi jenengCorpus Juris Civilis.

Sasuwéné abad kaping 6,budaya Yunani-Romawi isih duwé prabawa kuwat ing Wétan. Filsafat lan budaya Kristen dadi saya wigati lan wiwit ndominasi budaya mbiyen. Himne-himne kangRomanus Melodus nandai pangembanganLiturgi Suci. Aristek-arsitèk lan para tukang makarya abot kanggo ngebaraké gréja anyarHagia Sophia kang nggantèkaké gréja mbiyèn kang ancur akibat haruhara Nika. Sasuwéné abad kaenam lan kapitu, kamaharajan diguncang déning wabahpes, kang matèni akèh jiwa, sarta ngakibataké kemunduran ékonomi lan lemesé kamaharajan.[39]

Sawisé Yustinianus séda ing taun 565, panggantiné,Yustinus II, nolak mbayar upeti kanggo Pèrsi. Sawetara iku,suku Langobardi nyerbu Italia. Pangganti Yustinus,Tiberius II, mènèhi subsidi menyangsuku Avar, sawatara nglancarake serangan tumuju Pèrsi. Subsidi wurung menangaké suku Avar. Dhèwèké ngrebut bètèngSirmium taun 582, sinambiyan bangsa Slavia wiwit nyeberang kali Donau.Maurice, kang nggantèkaké Tiberius, mèlu cawé-cawé ing paperangan sadulur Pèrsi, sarta manggonakéKhosrau II bali tumuju kakuasaané lan nikahaké putriné karo dhèwèké. Traktat Maurice karo iparé kang anyar nggawastatus quo anyar ing wétan, lan ngurangi biaya pertahanan sasuwéné perdamaian iki (yutanan solidi kasil dislametaké kanthi remisi upeti kanggo Pèrsi). Sawisé kamenangané ing front wétan, Maurice bisa ngalihaké perhatiané dateng Balkan, lan [ing taun 602, dhèwèké kasil ngusir suku Avar lan Slavia.[25]

Nyusuté wates

[besut |besut sumber]

Dinasti Heraklius

[besut |besut sumber]

Sawisé Maurice dipatèniPhocas, Khosrau nyoba naklukaké provinsiMesopotamia Romawi.[40] Phocas, sawijining pemimpin ora populèr kang dideskripsikaké dumadi "tiran" ing sumber-sumber Romawi Wétan, ya iku target konspirasi-konspirasi senat. Dhèwèké dilèngsèraké ing taun 610 déningHeraklius.[41] Sawisé Heraklius kuwasa, bala wadya Pèrsi terus ndesek nganti lumebu Asia Cilik. Dhèwèké madekiDamaskus lanYerusalem, sarta mindhahakéSalib Sejati menyangCtesiphon.[42] Heraklius nglancaraké serangan walesan kanthi ciri perang suci. Bala wadya Romawi Wétan perang kanthi nggawa citraacheiropoietos Kristus dumadi panji militèr.[43] Bala wadya Pèrsi kasil diancuraké ingpertempuran di Ninewe taun 627. Ing taun 629, Heraklius mbalikaké Salib Sejati menyang Yerusalem ing upacara kang agung.[44] Perang iki nyuda kakuwatané Romawi Wétan lanSassaniyah Pèrsi, sarta nggawé kaloroné ringkih karo seranganMuslim Arab kang lagi bangkit ing mangsa iku.[45] Bala Wadya Arab kasil ngancuraké wadya Romawi Wétan ingPertempuran Yarmuk taun 636, lanCtesiphon tiba ing taun 634.[46]

Kamaharajan Romawi Timur padha taun 650.

Bala Wadya Arab, kang wusnaklukaké Suriah lan Levant, terus nyerang Anatolia, lan antara taun 674 nganti 678ngepung Konstantinopel. Armada Arab kasil diusir nganggogeni Yunani lan perang senjata sasuwéné telung puluh taun disetujui antara kamaharajan karoKekhalifahan Umayyah.[47] Serangan marang Anatolia terus kalaksanan lan agawé écepet matiné budaya urban klasik. Panduduk-panduduk akèh kang mbèntèngi manèh wewengkon-wewengkon kang luwih cilik ing njero bètèng kutha lawas, utawa pindhah menyang bètèng-bètèng kang paling cedhak.[48] Agungé Konstantinopel uga nyusut, saka 500.000 penduduk dumadi 40.000-70.000 waé, kang disebabaké amarga Konstantinopel kélangan sumber gandum ing taun 618 wayah Mesir direbut déning Pèrsi (provinsi iki bisa direbut manèh taun 629, nanging akhiré dikuasani déning Arab ing taun 642).[49]

Api Yunani dienggo kang kapisan karo angkatan bersenjata Romawi Wétan sasuwénéPeperangan Romawi Timur-Arab.

Panarikan wadya ing Balkan kanggo tempur nglawan Pèrsi lan Arab ing wétan wus mbukak lawang kanggo ngambakaké wewengkonbangsa Slavia. Akibaté, kaya ing Anatolia, akèh kutha nyusut dadi pamukiman kabèntèng kang cilik.[50] Pada taun 670-an,bangsa Bulgaria dhidhesek menyang kidul kali Donau karobangsa Khazar. Wadya Romawi Wétan kang dikirim kanggo mbubaraké pemukiman-pemukiman anyar iki dikalahaké ing taun 680.Konstantinus IV sabanjuré iku nandatangani prajanjèn karo khan BulgariaAsparukh, lannagara Bulgaria anyar éntuk kedaulatan saka pérangan suku-suku Slavia kang sadurungé ngakoni kekuasaan Romawi Wétan.[51] Ing taun 687–688, kaisarYustinianus II mimpin èkspèdhisi nglawan Slavia lan Bulgaria kang cukup kasil.[52]

Kaisar Heraklius pungkasan,Yustinianus II, nyoba ngancuraké kakuwatan aristokrasi prakuthon mawi perpajekan lan panunjukkan "wong njaba" ing kalungguhan-kalungguhan administratif. Dhèwèké dilèngserké ing taun 695, lan golèk perlindungan menyang bangsa Khazar, banjur Bulgaria. Ing taun 705, Yustinianus II bali menyang Konstantinopel bebarengan wadya khan Bulgaria,Tervel. Dhèwèké ngrebut manèh takhta, lan madekaké rezim teror kanggo musuh-musuhé. Yustinianus II dilèsèraké menéh ing taun 711, saéngga paripurna Dinasti Heraklius.[53]

Dinasti Isauria tumeka mangsa Basil I munggah singgasana

[besut |besut sumber]
Kamaharajan Romawi Timur saatLeo III munggah takhta taun 717. Wewengkon bergaris ya iku laladan kang diserang déning bangsa Arab.

Leo III kasil ngusir serangan Muslim taun 718, lan pikantuk kamenangan kanthi bantuan saka khan Bulgaria, Tervel, kang kasil matèni 32.000 prajurit Arab karo tentarané. Panerusé,Konstantinus V, éntuk kamenangan ing Suriah elor, lan nglemesaké kakuwatan Bulgaria.[54]

Ing taun 826, Arab ngrebutKréta lan nyerangSisilia, nanging ing 3 September 863, jendralPetronas kasil pikantukkamenangan gedhé ing pertempuran nglawanUmar al-Aqta,emirMelitene. Ing ngisoré kapemimpinan kaisar BulgariaKrum, anceman Bulgaria njedhul manèh, nanging ing taun 814, putra Krum,Omortag, rerukun karo Kamaharajan Romawi Wétan.[55][56]

Ikonoklasme Romawi Timur padha abad ke-9.

Abad kawolu lan kasanga rempeg karo kontroversi lan perpecahan religius akibatikonoklasme. Ikon-ikon ora diéntuki karo Leo III lan Konstantinus V, ngakibataké pamberontakan kang dilancarkan déningikonodul (pandukung ikon) ing sakabèhing kamaharajan. Saka upayaMaharani Irene,Konsili Nicea Kaloro dikempulaké taun 787, lan negesaké upama ikon bisa dihormati nanging ora disembah. Pada taun 813,Leo V ngukuhaké manèh kebijakan ikonoklasme, nangingMaharani Theodora mulihaké pamujan ikon karo bantuanPatriark Methodios ing taun 843.[57] Ikonoklasme ngambakaké jurang kapecahan antarané Wétan lan Kulon, kang saya èlèk ing mangsaskisma Photios, wektuPaus Nikolas I nentang pangangkatanPhotios dadi patriark.[58]

Dinasti Makedonia lan Kebangkitan

[besut |besut sumber]

Paperangan nglawan Muslim

[besut |besut sumber]
Kamaharajan Romawi Timur taun 867.

Ing taun 867, Romawi Wétan wus agawé stabil posisiné ing wétan lan kulon. Amarga efisiensi ing struktur militèr, kaisar bisa ngrencana perang panaklukan manèh ing wétan.

Prosès panaklukan manèh diwiwiti kanthi kasil kang ora tetep.Kreta kasil ditaklukaké kanggo sawatara (843), nanging sabanjuré wadya Romawi Wétan kalah ingBosporus, sawatara kaisar ora kuwasa nyegah panaklukan Muslim ingSisilia (827–902). Kanthi nggunakakéTunisia dumadi watu lumpatan, wadya Muslim naklukakéPalermo taun 831,Messina taun 842,Enna taun 859,Siracusa taun 878,Catania taun 900, lan bètèng Romawi Wétan pungkasan,Taormina, taun 902.

Keberhasilan militèr padha abad kesepuluh diikuti dengan kebangkitan budaya, yang ingaranRenaisans Makedonia.

Kekurangan mau ndang diseimbangaké mawi keberhasilan èkspèdhisi tumujuDamietta ing Mesir (856),dikalahké EmirMelitene (863), pamasthèn kakuasaan kamaharajan ingDalmatia (867), lan serangan Basil I menyangEfrat (870s). Basil I bisa nangani situasi ing Italia kidul kanthi apik,[59] pramila provinsi mau tetap ing tangané Romawi Wétan sasuwéné 200 taun salajengipun.[60]

Ing taun 904, masalah tumeka ing kamaharajan wayah kaloro kutha iku,Thessalopunika, dijarah déning armada Arab kang dimandhégani déning pengkhianat Romawi WétanLeo saka Tripoli. Wadya Romawi Wétan males kanthi ngancuraké armada Arab taun 908, sarta njarah kuthaLaodicea ing Suriah rong taun sawusé. sandyan piwalesan wus kalaksanan, Romawi Wétan ora bisa nginterfensi Muslim, kang wus ngancuraké wadya kamaharajan ing Kreta taun 911.[61]

Kaanan ing wates karo Arab tetep cair.Varangia, kang nyerang Konstantinopelkanggo kapisané ing taun 860, dadi tantangan anyar. Ing taun 941,dhèwèké njedhul ing pasisir Bosporus pérangan Asia. Wayah iki dhèwèké kasil diancuraké, ndudohaké kuaté kekuwatan militèr Romawi Wétan sawusé taun 907, wektunamung diplomasi kang bisa ngusir panyerang-panyerang mau.

KaisarNikephoros II Phokas (kuasané 963–969) lanYohanes I Tzimiskes (969–976) njembaraké wewengkon kamaharajan ngantiSuriah, nundukaké emir-emir ingIrak kulon laut, sarta naklukaké manèhKreta lanSiprus. Ing papréntahan Yohanes, wadya kamaharajan sempet ngancemYerusalem.[62] EmiratAleppo lan tangga-tanggané dadi vassal kamaharajan. Sawusé akèh nglancaraké kampanye militèr, anceman Arab kang pungkasan kanggo Romawi Wétan kasil ditaklukaké wayah Basil II kanthi rikat narik 40.000 wadya jaran kanggo mbébasaké Suriah Romawi. Kanthi surplus sumber daya alam, Basil II ngrencana èkspèdhisi menyang Sisilia kanggo ngrebut saka bangsa Arab. Sawusé matiané taun 1025, èkspèdhisi kalaksanan ing taun 1040-an, lan kasil éntuk sukses ing ngarepé, nanging suksèsé iku sabanjuré seret.

Paperangan nglawan Kamaharajan Bulgaria

[besut |besut sumber]
!Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsaniPeperangan Romawi Timur-Bulgaria.
KaisarBasil II sang Pembantai Bulgar (976–1025).

Pargumulan suwé karoTakhta Suci kalaksanan; wayah iki diakibataké karo perebutan kakuasaan religius Bulgaria kang lagi dikristenaké. Akibaté,TsarSimeon I nglancaraké invasi ing taun 894, nanging kasil dimandekaé mawi diplomasi Romawi Wétan, kang njaluk bantuan saka bangsa Honggari. Romawi Wétan akhiré dikalahké ingPertempuran Bulgarophygon (896) lan diwajibké mbayar upeti marang bangsa Bulgaria. Sabanjuré (912), Simeon kasil meksa Romawi Wétan mènèhi anugrah takhtabasileus (kaisar) Bulgaria lan agawé KaisarKonstantinus VII nikahi salah siji putri Simeon. Wektu pemberontakan ing Konstantinopel nyeretaké upaya iki, Simeon nyerang Trakia lan naklukakéAdrianopel.[63]

Ekspedisi kamaharajan di ngisoré pimpinanLeo Phocas lanRomanos Lekapenos ngalami kekalahan gedhé ingPertempuran Acheloos (917), lan ing taun saterusé Bulgaria ngleboni lan ngrampok Yunani elor nganti sadawanéKorintus. Adrianopel kasil direbut manèh ing taun 923, nanging ing taun 924 wadya Bulgaria ngepung Konstantinopel. Kaanan ing Balkan dadi apik sawusé matiné Simeon taun 927. Ing taun 968, Bulgaria diserbu déningRus' ing ngisoré pimpinanSviatoslav I saka Kiev. Telung taun sawisé, KaisarYohanes I Tzimiskes kasilngalahaké bangsa Rus' lan nglebokaké wewengkon Bulgaria wétan menyang kamaharajan.

Wewengkon kamaharajan di bawah pimpinan Basil II.

Perlawanan Bulgaria kadadéan ing mangsawangsa Cometopuli. Kaisar anyarBasil II (kuwasa 976–1025) ngupaya nundukaké bangsa Bulgaria. Ekspedisi kapisan Basil ngalami kawurungan ingGerbang Trajanus. Ing taun-taun sawusé, kaisar sibuk karo pemberontakan internal ingAnatolia, sawatara Bulgaria ngambakaké kakuasaan dhèwèké ing Balkan. Perang kalangsungan suwéné mèh rong puluh taun. Kamenangan Romawi Wétan ingSpercheios lanSkopje kasil nglemesaké wadya Bulgaria. Ing kampanye militèr tauné, Basil terus ngurangi jumlah bètèng Bulgaria. Akhiré, ingPertempuran Kleidion taun 1014, Bulgaria kasil dikalahaké.[64] Wadya Bulgaria ditangkap, lan jaréné 99 saka 100 wadya diwutakaké, sauntara liyané diwènèhi siji mripat kanggo mimpin kanca sabangsané mulih. Wayah TsarSamuil ndeleng nasib tentarané, dhèwèké mati akibat syok. Ing taun 1018, bètèng Bulgaria pungkasan wus nyerah, lan nagarané dhèwèké dadi péranganing Romawi Wétan. Kamenangan iki ngréstorasi watesDonau, kang ora dikuasani saka mangsa kaisar Heraklius.[63]

Hubungan karo Rus' Kiev

[besut |besut sumber]
!Kanggé katrangan langkung jangkep ngenani topik puniki, pirsaniPerang Rus'–Romawi Timur.
Rus' Kiev di bawah témbok Konstantinopel (860).

Antarané taun 850 nganti 1100, kamaharajan mbina gayutan karoRus' Kiev. Romawi Wétan ya iku kanca budaya lan pradagangan kanggo Kiev, nanging gayutan antarané dhèwèké ora mesthi guyub. Konflik paling serius antara kaloro nagara ya iku perang 968–971 ing Bulgaria.Serangan-serangan Rus' tumuju kutha-kutha Romawi Wétan ing pasisirLaut Hitam lan Konstantinopel uga kacathet ing sajarah. Sanadyan serangan-serangan mau bisa ditampék, serangan iku katutup kanthitraktat dagang kang nguntungaké Rus'.

Hubungan Rus'-Romawi Wétan dadi apik sawuse nikahéporfirogenitaAnna karoVladimir ingkang Agung. AmargaKristenisasi uga, gayutan kaloro nagara saya raket. Pendheta, arsitèk, lan artis Romawi Wétan diundang kanggo mbiyantu pagawéan katedral lan gréja ing Rus', saéngga prabawa budaya Romawi Wétan saya amba. Pirang-pirang wadya Rus' dadi wadya bayaran ing angkatan perang Romawi Wétan, lan kang paling kaloka ya ikuPenjaga Varangia.

Penjelasan

[besut |besut sumber]
  1. Romania (utawiRhōmanía) inggih punika asma kamaharajan ingkang misuwur[6] ingkang diginakaken boten resmi, ya iku "nagari tiyang Romawi". Istilah punika boten sarujuk ingRumeni modhèren.
  2. "Imperium Graecorum", "Graecia", "Yunastan",dll, asma kulon sanèsipun ingkang diginakaken inggih punika "kamaharajan Konstantinopel" (imperium Constantinopolitanum) lan "kamaharajan Romania" (imperium Romaniae).

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. Millar 2006, kc. 2, 15;James 2010, kc. 5: "But from the start, there were two major differences between the Roman and Byzantine empires: Byzantium was for much of its life a Greek speaking empire oriented towards Greek, not Latin culture; and it was a Christian empire."
  2. Treadgold 1997, kc. 847.
  3. Benz 1963, kc. 176.
  4. Fox,What, If Anything, Is a Byzantine?
  5. University of Chile: Center of Byzantine and Neohellenic Studies 1971, kc. 69.
  6. Fossier & Sondheimer 1997, kc. 104.
  7. "Nation and Liberty: the Byzantine Example". Dio.sagepub.com.doi:10.1177/039219218303112403. Dibukak ing2010-08-07.
  8. Theodore the Studite.Epistulae, 145, Line 19 ("ή ταπεινή Γραικία") and 458, Line 28 ("έν Αρμενία καί Γραικία").
  9. Cinnamus 1976, kc. 240.
  10. Ahrweiler & Laiou 1998, kc. 3;Mango 2002, kc. 13.
  11. Gabriel 2002, kc. 277.
  12. Millar 2006, kc. 2, 15;Ahrweiler & Laiou 1998, kc. vii;Davies 1996, kc. 245;Moravcsik 1970, kc. 11–12;Ostrogorsky 1969, kc. 28, 146;Lapidge, Blair & Keynes 1998, kc. 79;Winnifrith & Murray 1983, kc. 113;Gross 1999, kc. 45;Hidryma Meletōn Chersonēsou tou Haimou 1973, kc. 331.
  13. Fouracre & Gerberding 1996, kc. 345: "The Frankish court no longer regarded the Byzantine Empire as holding valid claims to universality; instead it was now termed the 'Empire of the Greeks'."
  14. "Hellas, Byzantium".Encyclopaedia The Helios.
  15. Tarasov 2004, kc. 121 harvnb error: no target: CITEREFTarasov2004 (help).
  16. El-Cheikh 2004, kc. 22.
  17. Davis 1990, hal. 260.
  18. Wells 1922, Chapter 33.
  19. Bury 1923,hal. 1
  20. Gibbon (1906), Part II Chapter 14:[1].
  21. Gibbon 1906, III,168PDF (2.35 MB).
  22. Esler 2004, kc. 1081.
  23. Eusebius, IV,lxii.
  24. Bury 1923,hal. 63.
  25. abc"Byzantine Empire".Encyclopædia Britannica.
  26. Nathan,Theodosius II (408–450 AD).
  27. Treadgold 1995, kc. 193.
  28. Alemany 2000, kc. 207;Treadgold 1997, kc. 184.
  29. Grierson 1999, kc. 17.
  30. Postan, Miller & Postan 1987, kc. 140.
  31. "Byzantine Empire".Encyclopædia Britannica.; Evans,Justinian (AD 527–565).
  32. abcEvans,Justinian (AD 527–565).
  33. Gregory 2010, 2E, hal. 145 harvnb error: no target: CITEREFGregory2010 (help).
  34. Bury 1923,180–216.
  35. Bury 1923,236–258.
  36. Bury 1923,259–281.
  37. Bury 1923,286–288.
  38. Vasiliev,The Legislative Work of Justinian and Tribonian.
  39. Bray 2004, kc. 19–47;Haldon 1990, kc. 110–111;Treadgold 1997, kc. 196–197.
  40. Foss 1975, kc. 722.
  41. Haldon 1990, kc. 41;Speck 1984, kc. 178.
  42. Haldon 1990, kc. 42–43.
  43. Grabar 1984, kc. 37;Cameron 1979, kc. 23.
  44. Haldon 1990, kc. 46;Baynes 1912,passim;Speck 1984, kc. 178.
  45. Foss 1975, kc. 746–747.
  46. Haldon 1990, kc. 50.
  47. Haldon 1990, kc. 61–62.
  48. Haldon 1990, kc. 102–114.
  49. Wickham 2009, kc. 260.
  50. Haldon 1990, kc. 43–45, 66, 114–115.
  51. Haldon 1990, kc. 66–67.
  52. Haldon 1990, kc. 71.
  53. Haldon 1990, kc. 70–78, 169–171;Haldon 2004, kc. 216–217;Kountoura-Galake 1996, kc. 62–75.
  54. Cameron 2009, kc. 67–68.
  55. "Byzantine Empire".Encyclopædia Britannica.;"Hellas, Byzantium".Encyclopaedia The Helios.
  56. Treadgold 1997, kc. 432–433.
  57. Parry 1996, kc. 11–15.
  58. Cameron 2009, kc. 267.
  59. Browning 1992, kc. 96.
  60. Karlin-Heyer 1967, kc. 24.
  61. Browning 1992, kc. 101.
  62. Browning 1992, kc. 113.
  63. abMasalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenengNorwich
  64. Angold 1997.

Réferénsi

[besut |besut sumber]

Sumber primèr

[besut |besut sumber]

Sumber sèkundèr

[besut |besut sumber]

Bacaan lanjut

[besut |besut sumber]
  • Ahrweiler, Helene (2000).Les Europeens. Paris: Herman.
  • Haldon, John (2001).The Byzantine Wars: Battles and Campaigns of the Byzantine Era. Stroud: Tempus Publishing.ISBN 0752417959.
  • Hussey, J. M. (1966).The Cambridge Medieval History, Volume IV — The Byzantine Empire Part I, Byzantium and its Neighbors. Cambridge University Press.
  • Runciman, Steven (1966).Byzantine Civilisation. Edward Arnold (Publishers).ISBN 1566195748.
  • Runciman, Steven (1990).The Emperor Romanus Lecapenus and his Reign. University Press (Cambridge).ISBN 0521061644.
  • Toynbee, Arnold J. (1972).Constantine Porphyrogenitus and His World. Oxford University Press.ISBN 019215253X.ISBN 0-19-215253-X.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniKakaisaran Byzantium.

Studi, sumber, lan bibliografi Byzantium

[besut |besut sumber]

Liyané

[besut |besut sumber]
Sajarahkakaisaran ing donya
Kakaisaran kuna
Kakaisaran abad tengahan
Byzantium •Hun •Arab (Rasyidin •Umayyah •Abbasiyah •Fatimiyah •Almohad •Kordoba) •Persia(Tahiriyah •Samaniyah •Buwaihiyah •
Sallariyah •
Ziyariyah) •
Ghaznaviyah •Benin •Seljuk •Oyo •Bornu •Khwarezmia •Timuriyah •Chola •
Mongol (Yuan •
Jochi •Chagatai •Ilkhanat) •Kanem •Serbia •Songhai •Khmer •Bulgaria •Karoling •Romawi Suci •Angevin •Mali •
Cina (Tang •
Song •Yuan) •Ghana •Aztec •Inka •Sriwijaya •Majapahit •Ethiopia (Zagwe •Salomo) •Pala
Kakaisaran modhèrn
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kakaisaran_Bizantin&oldid=1708082"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp