Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kaisar Hongxi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kaisar Hongxi

Kaisar Hongxi (Hanzi: 洪熙,1378-1425) ya iku kaisar ka-4Dinasti Ming. Lair karo jenengZhu Gaochi (朱高炽), ya iku anak pambarep sakaZhu Di.[1] Dhèwèké marisi tahta sawisé bapaké mangkat ing taun 1424 lan mènèhi jeneng ana ing rezime karo jenengrezim Hongxi, nanging dhèwèké tilar donya sawisé setaun ana ing tahta ya iku nalika umuré 48 taun.[1]Wiwit cilik Zhu Gaochi dididik kanthi apik déning guru-guru kang aliraneKonfusius.[1] Nalika bapaké nglakokaké kudéta lan nyatakaké perang marangKaisar Jianwen, dhèwèké duwé tugas kanggo njaga kuthaBeijing.[1] Dhèwèké perang karo wadyabala kang cacahé 10.000 wong nglawan 500.000 bala kang pro-Jianwen.[1]Zhu Di bisa ngrebut tahta saka Kaisar Jianwen nalika taun1402 lan ngangkat awake dhéwé dadi kaisar kanthi gelar Kaisar Yongle.[2] Sawisé kaya ngene statusZhu Gaochi saiki uga ganti dadi putra makutha.[2] Dhèwèké duwé tanggung jawab saka tugas-tugas kraton nalika bapake nglakokaké èkspèdhisi menyang wewengkon lor.[2] Nanging Yongle luwih seneng karo adhine kekaron ya ikuZhu Gaoxu lanZhu Gaosui, dhèwèké uga duwé rancana kanggo nganti status putra makutha kanggo salh siji saka kekarone.[2] Nanging sawisé Yongle ngerti intrik iku, mula rencana mau dibatalake lan Zhu Gaochi aman ana ing posisiné.[2]Taun 1424, Yongle mati lan dhèwèké marisi tahta karo gelar Kaisar Hongxi.[2] Sawisé munggah tahta, dhèwèké mbebasake lan ngrehabilitasi para tahanan pulitik kang tau nglayani Kaisar Jianwen.[2] Jabatan lan gelar kabehane dipulihake, penemu saka kabehane uga dirungokake.[2] Kaum terpelajar Hanlin akèh kang diangkat kanggo manggon ana ing posisi-posisi wigati, wong-wong mau iku kang banjur mbatalake kebijakan-kebijakan militeristik Yongle kang ora populer lan merestorasi pamaréntahan sipil.[2]

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdeDinasti Ming
  2. abcdefghi明 Ming Dynasty Periode :1368–1644


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kaisar_Hongxi&oldid=1453005"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp