Tlatah Kairo Raya kang ndunungi kurang luwih 16yuta jiwa..[1] Kairo iku kutha metropolitan kang paling akèh kang ndunungi nomer 16 ing donya, lan paling akèh nomer siji ingAfrika.[2] Kutha iki siji-sijiné kutha Afrika kang nduwé sistimmetro. Déning warga lokal, kutha iki diaraniMisr utawaMasr, jeneng nagara iki.
Kutha Kairo tinemu taun969 minangka tlatah KalifahFatimid, lan kutha krajan ékonomi lan administratif kang sabeneré yaiku kutha ing sacedhaké:Fustat. Sawisé Fustat ambruk ing taun 1168/1169, kanggo nyegah supaya ora karebut déning para Satriya Perang Salib Kristen Éropah (Crusaders), kutha krajan administratifMesir banjur dialihaké menyang Kairo nagnti saiki.
Al-Fostat, tinemu taun751 cedhak kutha-kutha Mesir liyané, kalebu kutha krajan lawasMemphis,Heliopolis,Giza lan bètèngByzantine ingBabylon-ing-Mesir. Fustat sajatiné diyasa minangka kutha anyar kanggo garnisun militèr wadyabala Arab lan minangka lokasi punjer kang paling cedhak sakaArabia kang bisa diaksèd liwatKali Nil. Fustat dadi punjer regionalIslam sajeroning kalamangsaUmayyad lan panggonan pungkasan pemimpin Umayyad,Marwan II, ngadhepi kaumAbbasid. Sabanjuré, sajeroning jamanFatimid, Al-Qahira (Kairo) ing sa-lor-é Fustat, kanthi resmi didadèkaké kutha krajan ing taun969. Atusan taun, Kairo tuwuh lan nyerep kutha-kutha lokal liyané kaya déné Fustat, nanging taun969 dianggep "taun madeg" minangka kutha modhèren.[3]
Ing taun1250, para wadya batur tukonMamluks nguwasani Mesir lan mimpin saka kutha krajan Kairo nganti taun1517, yaiku nalika dikalahaké déningOttoman. WadyaNapoleon sakaPrancis tau nguwasani Mesir sedhéla, yaiku taun1798 nganti1801, sawisé iku perwira Ottoman,Muhammad Ali ndadèkaké Kairo kutha krajan Kraton swatantra wiwit taun1805 nganti1882. Kutha iki sabanjuré tiba ing panguwasanéInggris nganti Mesir mardika ing taun1922.
Kairo dumunung ing gisik lan pulo (dhèlta)Kali Nil ingMesir sisih lor, sakidulé titik pamisahan Kali Nil ninggal tlatahara-ara lan pecah dadi loro.
Pérangan kutha lawas dumunung ing sisih wétan kali. Saka kana, kutha iki nyebar mangulon, ngubengi tlatah tetanèn ing gisikingKali Nil. Tlatah sisih kulon iki, diyasa niru kuthaParis déningIsmail Agung ing tengahan abad angka 19, ditandhani anané