Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kain

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Aksara Latin
   
Dagang kain ingKarachi,Pakistan.

Kain (carakan:ꦏꦲꦶꦤ꧀) yaiku bahan flèksibel/tèkstil/bahan sandhang kang kagawé sakatenunanbenang utawa bahan liyané lan wus kapotong miturut ukuran-ukuran kang katetepaké. Tèkstil kang kapotong iku bisa disusun kanthi carapanyulaman,panjaitan, pangiketan, lan cara dicithak, uga liya-liyané.[1] Kain miturut teteges iku bisa dimangertèni yaiku kain iku bagéyan saka apa kang diarani tèkstil, nanging ora kabèh tèkstil bisa dianggep minangka kain. Kain yaiku tèkstil kang wus wujud lembaran, wus kasusun, lan uga wus kacithak utawa kapotong miturut ukuran-ukran tartamu.[2]

Kain jarik bathik gagrag Ngayogya

Kain ing babagan budaya Jawa lumrah kanggo ngarani jarik senajan jarik pancèn iku salah siji jinising kain. Nanging yèn wong Jawa ngarani nganggo kain mesthi sing diomongaké iku pancèn jarik dudu jinis kain liyané.[3] Kain-kain tradhisional kang asli, lumrah, lan karipta ana ing Nuswantara kerep uga diarani minangka wastra utawa Wastra Nuswantara.[4]

Wastra Nuswantara

[besut |besut sumber]

Ing saideging Nuswantara ana sapirang-pirang jinis utawa reragam karya tekstil, dadi wujud lan titikan kabudayan déning suku utawa masarakat ada kang lestari nganti ing jaman modèrn iki. Wastra Nuswantara iki wus dadi titikan bebusana awit atusan taun kapungkur lan dadi salah sawijining wujud budaya adiluhung kang diduwèni bangsa Indhonésia. Wastra Nuswantara malah uga wus kondhang ing bangsa manca.[5] Jinis-jinisé kaya ta:

  1. Bathik: yaiku kasil karya tèkstil awujud kain kang diwènèhi corak diagwé lumantar cara dibathik utawa digambar, ditutup malem, lan diwerna.[6] Bathik iki ngrembaka ing Pulo Jawa kaya ta ing Ngayogyakarta, Surakarta, Lasem, Cirebon, Pekolanan. Bathik uga ana ing Pulo Madura, Sumatra, lan liya-liyané.[7]
  2. Songkèt: yaiku kasil karya tèkstil kang digawé mawa cara ditenun lan ing sela-selané diwènèhi corak mawa caranyongkèt (nyungkit) susunan benang kango diselipi benang emas.[8] Jinis tèkstil iki asalé saka bumi Malayu utamané Palémbang ing Pulo Sumatra, uga ngrembaka ing sasebarané wong Malayu ing Nuswantara kaya Malaysia, Brunéi, lan Singapura.[9] Songkèt iya pancèn kagolong jinis tenun.
  3. Tenun: yaiku kasil karya tèkstil kang digawé mawa cara ditenun. Ing Indhonésia ana sapérangan jinis tenun kayata: Songkèt, Ulos, lan Ikat.[10]
  4. Kain ikat: yaiku kasil karya tèkstil kang digawé mawa cara ditenun banjiur diiket lan diwerna.[11] Iki uga kalebu salah sawijining tenun nanging cara nggawéné kang rada béda.
  5. Saliyané papat wastra iku mnau, ana salah sawijiné jinis kang uga kondhang yaiku Kain Celup Ikat, kadahang kala diarani Bathik Celup Ikat, senadyan cara nggawéné ora nganggo dibathik. Kain iki digawé maca cara ngiket saperangan bagéyan kain banjur dicelup menyang pawarna.[12] Cara celup ikat iki uga bisa digabung karo tèknik mbathik lan nenun.
  • Bathik Tulis digawé mawa cara nyanthing
    Bathik Tulis digawé mawa cara nyanthing
  • Nenun Kain
    Nenun Kain
  • Nggawé Kain Songkèt
    Nggawé Kain Songkèt
  • Tenun Ikat Lombok
    Tenun Ikat Lombok
  • Kain Celup Ikat
    Kain Celup Ikat

Rujukan

[besut |besut sumber]
  1. "Pengertian Kain atau Fabric dan Jenis-Jenisnya dalam Industri Tekstil".kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing2025-12-04.
  2. Industry, Textile (2023-12-26)."Difference Between Textile and Fabric".Textile Industry (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing2025-12-04.
  3. "Mengenal Jarik, Salah Satu Jenis Kain Indonesia dari Tanah Jawa".kumparan (ing basa Indonesia). Dibukak ing2025-12-04.
  4. Astuti, Rina Fuji."Mengenal Wastra, Kain Tradisional yang Menyimpan Makna".detikjatim (ing basa Indonesia). Diarsip sakasing asli ing 2025-10-15. Dibukak ing2025-12-04.
  5. Teams, Indonesiabaik id."4 Wastra Indonesia Yang Mendunia".indonesiabaik.id (ing basa Inggris). Diarsip sakasing asli ing 2025-04-28. Dibukak ing2025-12-04.
  6. senaraiistilahjawa.kemdikbud.go.id."Kata bathik (i)".Senarai Istilah Budaya Jawa (ing basa Inggris). Dibukak ing2025-12-04.
  7. Jasmine, Najma Alya."Sejarah dan Asal-usul Batik, Warisan Budaya Indonesia yang Diakui UNESCO".detikjogja (ing basa Indonesia). Diarsip sakasing asli ing 2024-10-02. Dibukak ing2025-12-04.
  8. Umam."Mengenal Kain Songket: Sejarah, Jenis Motif dan Maknanya" (ing basa Indonesia). Dibukak ing2025-12-04.
  9. "Songket - UNESCO Intangible Cultural Heritage".ich.unesco.org (ing basa Inggris). Dibukak ing2025-12-04.
  10. author, Kamilazahra (2024-09-10)."Menjelajahi Macam-Macam Kain Tenun : Keindahan dan Keberagaman Kriya Tekstil Indonesia".bcaf.telkomuniversity.ac.id. Dibukak ing2025-12-04.{{cite web}}:|last= has generic name (pitulung)
  11. "Wastra Indonesia".sarinah.co.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing2025-12-04.
  12. Kuaranita, Fellycia Novka (2016-02-15)."Ikat Celup, Hasilkan Kain Kaya Motif".Klasika (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing2025-12-04.
Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kain&oldid=1742149"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp