Aksara Latin |
| Ngawi كابوڤاتين ڠاوي ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦔꦮꦶ | ||
|---|---|---|
| Kabupatèn | ||
| ||
| Peparab:Ramah • Benteng | ||
| Sesanti: Negeri Ngawi Ramah | ||
Pernahé Kabupatèn Ngawi | ||
| Nagara | Indonésia | |
| Provinsi | Jawa Wétan | |
| Dina Dadi | 7 Juli 1358 M | |
| Kutha krajan | Kutha Ngawi | |
| Pamaréntahan | ||
| • Bupati | Ony Anwar Harsono[1] | |
| • Wakil Bupati | Dwi Riyanto Djatmiko | |
| • Sekertaris Daerah | Mokh Sodiq Triwidiyanto | |
| • Ketua DPRD | Heru Kusnindar | |
| Laladan | ||
| • Gunggung | 1.395,80 km2 (538,92 sq mi) | |
| Cacah warga(2022) | ||
| • Gunggung | 897.473 | |
| • Pepadhet | 640/km2 (1,700/sq mi) | |
| Bebrayan | ||
| • Wong | Jawa wong Ngawi | |
| • Basa | Jawa -Jawa Mataraman Indonesia | |
| • Kepercayan | Islam,Kristen Protestan,Hindu,Katulik,Buddha | |
| Zona wektu | WIK (UTC+7) | |
| Kodhe pos | 63211 – 63285 | |
| Kodhe laladan | (+62) 351 | |
| Plat montor | AEJ**/K*/L*/M* | |
| Situs wèb | www (ing basa Indonésia) | |
Kabupatèn Ngawi (Carakan:ꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦔꦮꦶ,Pegon: كابوڤاتين ڠاوي), iku kabupatèn ingJawa Wétan,Indonesia.Kutha krajané ikuKutha Ngawi. Jembar wewengkon kabupatèn iki ± 1.395,80 km² utawa hèktar.
Tembung Ngawi iku saka tembungawi saka Basa Sansekerta sing tegesépring lan olèh ater-aterng. Kala semana ing Ngawi iku akèh wit pring, mula dijenengi Ngawi kaya déné jeneng-jeneng kutha sing ana ing Tanah Jawa sing adaté digayutaké karo jeneng tuwuh-tuwuhan.
Kabupatèn Ngawi iku dumunung ing Provinsi Jawa Wétan lan dadi watesing Provinsi Jawa Wétan karo Jawa Tengah. Kabupatèn Ngawi wewatesan karo Kabupatèn Blora, Kabupatèn Bojonegoro, Kabupatèn Madiun sisih wétan, Kabupatèn Madiun sisih kidul, Kabupatèn Magetan lan Kabupatèn Sragèn ing sisih kulon.
Kabupatèn Ngawi ketata saking 18kacamatan, 4kalurahan lan 217désa. Kacamatan-Kacamatan ing kabupatèn iki yaiku: