K2 Inggih punika gunung ingkang paling inggil nomer kalih wonten ing donya. Papanipun manggèn wonten ing sapérangankarakoram sakingHimalaya. AntawisipunPakistan kaliyanRépublik Rakyat Cina. Gunung punika minangka gunung nasional wonten ing Pakistan. Gunung punika inggilipun kinten-kinten 8.611 mèter. Rikala rumiyin, gunung punika langkung angèl dipunminggahi manawi dipuntandhingaken kaliyan gunungEverest, punika amargi cuaca-nipun ingkang langkung awon. K2 ugi langkung inggil tinimbang tlatah ingkang wonten ing sakiwa tengenipun manawi dipuntandhingaken kaliyan Everest. K2 misuwur kanthi nama "Pegunungan Kejam", punika amargi wonten ing taun 2004, namung 246 tiyang ingkang saged minggah ngantos dumugi puncak. Ingkang 56 sanèsipun séda nalika badhé minggah wonten inggil gunung K2.[1]
Gunung K2 nalika mangsa panas 2006
Nama sanèsipun kanggé K2 inggih punikaGodwin Austen, saged dipunwastani Godwin Austen amargi tiyang ingkang saged minggah dhateng gunung punika ingkang kaping pisan inggih punika Godwin Austen. Kajawi punika Gunung punika ugi dipunwastaniQogir (basa turunanipun Chogiri), Lamba Pahar, Dapsang, Kechu, Ketu lan sanès-sanèsipun.