Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Kèju

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kéju tipeGouda saking nagari Walandi.

Kèju sakingbasa Portugis:queijo punika panganan ingkang kadamel sakingsusu.[1] Wondéné susu ingkang kanggé asringipun inggih sususapi. Sabèntenipun saged ugi nganggésusuméndha,keledhe,kapal kaliyanunta.[2]

Kèju anggènipun ndamel sakingsusu, dipunicali kandhutan toyanipun kaliyan dipunsukaniobat supados sagedfermentasi saha boten bosok.[2]Kèju gadhah sadaya kadungan wonten susu inggih kados ta:protein,vitamin,mineral,kalsium,vitamin B12,zink, lanfosfor nanging ugalemak lankolesterol ingkang saged damel penyebab masalah keséhatan saumpami dipunkonsumsi kekathahen.[3]Pakanan iki dikenal ing sakupenging dunya, nanging keju dugaane asalé sakaTimur Tengah.[1] Sanajan ora ana kapesthen saka ngendi keju kui, nanging miturutlegenda keju tinemu sepisanan pangembara sakaarab.[2]

Sajarah

[besut |besut sumber]

Asal-usul

[besut |besut sumber]

Keju wis digawé awit jamanprasajarah sanajan ora ana bukti trep kapan keju pertama digawé[4]. Masarakat prasajarah wiwit ninggal gaya hidupnomaden lan malih dadi peternakwedhus,domba utawasapi[4]. Amarga kurang karesikan lan asring kena sinar srengéngé langsung mulanesusu sing ing bejana dadi kenthel, jebul bareng dipangan rasané énak[4]. Kawiwitan saka iku manungsa nemukeju krim asem (sour cream cheese)[4].Salah sawijining legenda nyaritakake yèn ana pemburu sing matèni sapi, banjur mbukak wetengé lan nemu sapérangan warna putih sing énak[4]. Anane enzim rennet ing jero weteng sapi njalari susu dadi kenthel, saéngga dadi apa sing mau keju saiki[4]. Carita liyané nyebutake yèn keju iku asalé sakaTimur Tengah déning pengembara sakaarab[4]. Pengembara iku numpakjaran lan gawasusu ing pelanane[4]. Sawetara suwé susu iku wis malih dadibanyusing pucet lan gumpalan-gumpalanputih[4]. Amarga pelana sing kanggo nyimpensusu digawé saka weteng kéwan (sapi, domba,lanwedhus) sing ngandung rennet, dadi campuran saka rennet, cuaca sing panas lan obah-obahing jaran nalika lumaku bisa ngubah susu dadi keju lan saka iku wong-wong wiwit migunakaké enzim saka weteng kéwan kanggo gawé keju[4].

Yunani lan Romawi kuna

[besut |besut sumber]

MitologiYunani Kuno nyebutake yèn Aristaeus iku panemu keju[5].Odyssey tulisan Homer (800 SM) nyebatake yèn Cyclops gawé keju saka susu domba lan wedhus[5]. Keju saka susu wedhus iku komoditas sing cukup wigati ingYunani, lan masarakatYunani percaya yèn keju bisa nggawé perwira luwih kuwat lan bisa ngrangsang nepsu birahi[5]. Hippocrates migunakaké keju gawé nambani radang lan keju uga digawé sesaji kanggo déwa-déwa[5].KebudayaanRomawi iku sing banjur ndadèkaké keju akèh jinisé kaya saiki[6]. BangsaRomawi iku kikenal bangsa sepisanan kang mangerteni bab prosès gawé lan nyimpene keju, bangsaRomawi mangerteni akibat tèhnik gawé kang béda iku njalari rasa lan karakter keju uga dadi béda[6]. BangsaRomawi nggawa keju lanseni gawéne nalika ngalahake Gaul, bangsaPerancis lanInggris, sing banjur disambut apik[6].

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. 12Asal Mula Keju[pranala mati permanèn]
  2. 123Halalguide.info
  3. Ryan, Nancy Ross (2007).Cheese. Microsoft ® Student 2008 [DVD]. Redmond, WA: Microsoft Corporation.{{cite book}}:Cite has empty unknown parameter:|1= (pitulung)
  4. 12345678910"www.koleksiweb.com". Diarsip sakasing asli ing 2012-01-22. Dibukak ing2011-05-02.
  5. 1234Iburg, Anne (2004).Dumont's Lexicon of Cheese. Rebo International b.v., Lisse, The Netherlands.ISBN 978-90-366-1689-8.
  6. 123"cheesehut.tripod.com". Diarsip sakasing asli ing 2015-10-22. Dibukak ing2011-05-04.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]
Wikimedia Commons duwé médhia ngenaniCategory:Cheese.


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Kèju&oldid=1657326"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp