Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Juru banyol

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Juru banyol (cara Indonésia:pelawak utawakomedian) yaiku wong kang hibur penonton, kang utama ing nggawe mereka ngguyu, karo cara nglawak. babagan iki bisa dilakoni lewat lawakan utawi situasi kang janggal, utawi nglakoni kaya wong goblok.

NingIndonésia wujud lawak kang paling dikenal yaiku grup lawak, kang wujud gabungan para pelawak lan méntasaké siji carita. Setiap wong meranke siji karakter lan 'kelucuan' kang apik asalé saka interaksi lewat karakter-karakter iki. Tuladha grup lawak kaya iki yaikuSrimulat,Warkop, lanPatrio.

IngAmérika Sarékat kang kondhang yaikulawakan tunggal yaiku pelawak kang ngadek ing ngarep penonton lan ngucapakémonolog ngenani siji prakara. Jinising lawak kaya iki luwih manut karo cara panyampaian lan isi carita. Tuladha pelawak tunggal yaikuEddie Murphy,Robin Williams,Jim Carrey,Jerry Seinfeld,Jeff Foxworthy, lanEddie Izzard.

Saliyané iku uga ana sapérangan golongan lawak sakaInggris lanAmérika Sarékat kaya taMonty Python lanMarx Brothers.

Deleng uga

[besut |besut sumber]
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Juru_banyol&oldid=1570947"
Kategori:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp