Jonas Brothers ya iku grup bandpop/rock sakaAmérikah Sarékat kang cacahé anggotan ana telu, kang esih sodara ya iku Kevin, Joe, lan Nick Jonas, wis ngerilis 4 album,It's About Time,Jonas Brothers, "A Little Bit Longer", lan "Lines, Vines and Trying Times", Grup musik iki personilé dianggotani déning telung anggota kang tesih saudaraan, ngadeg ning taun2005.[1]AwaléNick Jonas kang wektu iku umuré 6 taun olih kasempatan kanggo nyanyi kanthi profésional.[1]Ning umur pitung taun, Nick wis biyasa tamping ningBroadway.[1]
Kira-kira taun2005, Nick mutusaké kanggo ngajak saduluré loroKevin Jonas lanJoe Jonas kanggo nggawé grup musik dhéwé.[1]Awalé jeneng kang dienggo ya ikuSons of Jonas kang akiré diganti ngaggo jeneng Jonas Brothers.[1]
Jonas Brothers wus ngerilis telung album, IT'S ABOUT TIME ning taun2006;JONAS BROTHERS ning taun2007, lan A LITTLE BIT LONGER ning taun2008.[1]Ning taun2009, Jonas Brothers ngrilis filem konser kang dibintangi bitang telu iki.[1]Film mau dhapuré 3 Dhimènsi lan judhulé judhul JONAS BROTHERS: THE 3D CONCERT EXPERIENCE.[1]Para anggota saka grup musik iki uga tau tamping ning filem kang diprodhuksi déning Disney, CAMP ROCK 2.[1]
Sibuk ning dunya akting, grup musik iki tetep kompak ning dunya musik.[1]Taun2009 tanggal15 Juni, grup musik iki ngerilis album kang judhulé LINES VINES AND TRYING TIMES.[1]Pangalamé ning dunya musik nggawéDisney ngangkat caritané kanggo digawé filem.[1]Film kang dirilis déningDisney iki diputer ning biyoskup ning wulanAgustus taun2009.[1]Film mau disutradarai déningBruce Hendricks, bintang mligi Nick, Joe, lan Kevin.[2]Ora namung mameraké akting, ning filem iku Nick, Joe lan Kevin uga mameraké suarané kang apik.[2]