Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Jeruk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jeruk
Kembang jeruk lan jeruk ning wit
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan:Plantae
Dhivisi:Magnoliophyta
Klas:Magnoliopsida
Subklas:Rosidae
Ordho:Sapindales
Famili:Rutaceae
Génus:Citrus
Spésies:C. sinensis
Jeneng binomial
Citrus sinensis
(L.)Osbeck

Jeruk ikutetuwuhanperdutropis lansubtropis sing ngasilaké woh sing jenengé padha.[1] Woh jeruk iku bunder.[1] Kulité ana singijo, ana singkuning. Rasané ana singkecut, ana singlegi.[1]Jeruk iku kalebupala gumantung, yaiku wit-witan kang gumandhul ana ing dhuwur wit.[1]

Jinisé

[besut |besut sumber]

Jeruk keprok

[besut |besut sumber]

Jeruk keprok bisa dadi tonik kanggo jantung. Jeruk keprok nduwé senyawa kang bisa ngurangi tumpukan lemak kang bisa njalari serangan jantung.Jeruk keprok bisa dadi ombénan kang seger banget. Jeruk keprok bisa digawé jus lan wedang jeruk. Ora mung seger, nanging jeruk keprok uga bisa kanggo nyegah serangan jantung kang mbebayani.

Salah sijining panalitèn kang jenenge Daily Mail njléntréhaké yèn woh jeruk keprok utawaCitrus reticulata uga bisa ncegah lelara liyané, kaya ta diabétes, stroke lan kanggo penderita obésitas. Jeruk keprok uga bisa nglunturaké lemak.Jeruk keprok ngandhut nobiletin, yaiku pigmén utawa zat warna kang tinemu ing kulit jeruk keprok. Jeruk iki uga duwé tangeritin, yaiku senyawa antikanker.Tangeritin kalebu senyawa methoxyflavone kang nduwé poténsi agén antikanker.Peneliti saka University of Western Ontario, Kanada, njléntréhaké yèn tikus kang diwénéhi nobiletin bisa njaga awaké saka obesitas.Panelitén Dr Huff's nemu flavonoid, naringenin, ing jeruk bali kang uga bisa nyegah obesitas lan sindrom metabolik. Nanging flavonoid jeruk keprok luwih akèh tinimbang kang ana ing jeruk bali.

Jeruk Keprok utawaCitrus Nobilis Lour urip ing laladan tropis lan subtropis. Jeruk iki populer ing masarakat. Yèn wis mateng rasané legi, sak liyané énak dipangan, kulit jeruk keprok uga bisa nyegah kanker.

Zat Kimia kang ana ing jeruk keprok:-alkoida (godhong lan kulit buah)-polifenol (odhong lan kulit buah)-flavonoida (oyot)-lenga atsiri (godhong lan woh)-saponin akar

Gizi:-vitamin c-mineral zat besi-kalsium-gula-asem setrat

Khasiat:Kanggo njaga daya tahan awak, nyegah kanker, obat infeksi firal, obat kolésterol lan hiperténsi, nguatke lan bisa kanggo gizi paru-paru, njaga limfa, tamba watuk lan ngetokaké riak.

Jeruk purut

[besut |besut sumber]
Jeruk

Jeruk Purut duwé jeneng latinCitrus hystrix D.C. utawaC. paeda Miq.[2]Jerukpurut kalebu familiarutaceae.[2]Jeruk purut akèh urip ing pekaranganomah utawa ingkebon.[2] Godhongé kalebugodhong majemuk kang nyirip lan duwé anakan godhong siji.[2]

Wujud godhongé bulat telur nganti lonjong, pangkal godhongé bunder utawa tumpul, pucuk godhongé lincip lan beringgit, dawané8-15cm, ambané2-6cm, godhongélunyu lan ana bintil-bintil cilik kang wernané bening.[2] Godhong pérangan ndhuwur wernanéijo tuwa rada keling-keling, déné godhong pérangan ngisor wernanéijonom utawaijo radakuning, burem. Yèn diremes godhongé ambunéwangi.[2]

Kembangé duwé wujud kayabintang, wernanéputih radaabang utawaputih radakuning.[2] Jeruk purut dhapuré bulat telur, kulité ijo ana kerut-kerutane, lan mrenthel-mrenthel.[2] Jeruk purut rasanékecut radapait, lumrahé kanggomasak, nggawé jajanan utawamanisan.[2]Cangkok lanwiji dadi cara paling apik kanggo nangkarakéjeruk purut.[2]

Dasanama

[besut |besut sumber]

Sumatera: unte mukur, u. pangir(Batak), lemau purut, l. sarakanLampung), lemao puruik(Minangkabau), dema kafalo(Nias).[2]Jawa: limau purut, jeruk wangi, jeruk purut(Sunda, Jawa).[2]Bali: jeruk linglang, jeruk purut.[2]Flores: mude matang busur, mude nelu.Sulawesi: ahusi lepea (Seram), lemo puru (Bragi.s).[2]Maluku: Munte kereng (Alf'uru), usi ela(Amhoh), lemo jobatai, wama faleela(Halmahera).[2] NAMA ASING Kaffir lime leaf and zest (I), bai magrut (T), Kabuyao, percupin orange, citron combara.[2] NAMA SIMPLISIACitri hystricis Folium (daun jeruk purut),Citri hystricis Pericaipium (kulit buah jeruk purut).[2]

Jeruk kingkit

[besut |besut sumber]

Jeruk bali

[besut |besut sumber]

Jeruk bali akèh manfaate tumrap kasehatan.[3] Jeruk bali ngandhut pektin luwih akèh tinimbang jeruk liyané.[3]Pektin iki bisa ngurangikolésterol lan uga bisa ngurangi risiko lelarajantung.[3]Rasanekecutlegi lan wujudé bunder, ukurané luwih gedhé tinimbang jeruk liyané.[3] Kulit jeruk bali lumrahé kanggo nggawédolanan mobil-mobilan.[3] Nanging dolanan iki lumrahé mung kanggo bocah sing urip ing désa.[3]Daging jeruk bali ambuneseger Lan ngandhut akèhbanyu. Jeruk iki bisa dipangan langsung sawisé dionceki utawa kanggo campuransalad lanrujak.[3]

Dagingputih kang ana ing antaranékulit njaba lan woh kang ana banyuné, bisa digawé manisan.[3] Daging putih iki duwéklanjer lenga.[3] IngVietnamkembangjeruk bali kang wangi dienggo nggawefarfum.[3] Kayu jeruk bali uga kanggo nggawe piranti dapur.[3]

Antibaktéri

[besut |besut sumber]

Para panaliti sakaUniversitas JagiellonianPolen njléntréhaké yèn jeruk bali ngandhut antibaktéri lanantioksidan kang bisa nenangaké sistem getahweteng.[3]Dr Thomas Brzozowski ketuwa panaliti nyaranaké supaya wong kang nandang lelara tukak lambung manganjeruk bali sajeroning diet.[3]

Jeruk bali uga bisa kanggo kaséhatanjantung lanlambung.[3] Jeruk bali duwé kadarvitamin C kang akèh. Saéngga apik kanggo kaséhatangusi.[3] Para panaliti ingUniversitasFriedrich Schiller,Jerman duwé panemu yèn ana korélasi antarané kaséhatan gusi karo manganjeruk bali.[3]

Obat diabétés

[besut |besut sumber]

Jeruk bali bisa nambanidiabétés.Naringenin,antioksidan kang dadi sumber rasapait ingjeruk bali bisa dadi obat kanggo nambanidiabetes tipe 2.[4]Penyakitdiabetes disebabaké amarga awak ora bisa nggawéhormoninsulin kang cukup kanggo ngaturgula darah.[4] Naringenin mbiyantu ngundhakaké produksi insulin ing awak.[4] Saliyané iku,naringenin uga mbiyantu ncegah lelara obésitas.[4]

Hasil olahan jeruk

[besut |besut sumber]

Jeruk bisa diolah dadisirup jeruk, sari buah kang dhapuré serbuk, kanggo nggawé sambel kaya ta jeruklimau (Citrus amblycarpa)kang akèh dibudidayakake ing laladan Majalengka, Jawa Barat.[5]Jeruk uga bisa digawépuding jeruk,jus jeruk, lankulitjeruk bali bisa digawémanisan kanglegi rasané.[5]

Gladri

[besut |besut sumber]
  • jeruk
    jeruk
  • jeruk bali
    jeruk bali
  • dodol jeruk
    dodol jeruk
  • seger
    seger
  • jeruk purut
  • sitrus
    sitrus
  • liningan jeruk
    liningan jeruk
  • jeruk seger
    jeruk seger
  • orange juice
    orange juice
  • sueggeeerr
    sueggeeerr
  • kembang jeruk
    kembang jeruk
  • jeruk keprok
    jeruk keprok

Cathetan suku

[besut |besut sumber]
  1. abcdMasalah sitiran: Tenger<ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jenenginternet1
  2. abcdefghijklmnopqiptek.net.idArchived 2011-08-21 at theWayback Machine.(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  3. abcdefghijklmnophealth.kompas.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  4. abcdantaranews.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
  5. absinartani.com(dipunundhuh tanggal 11 April 2011)
Deleng Uga Woh-wohan

Anggur

Apel

Apokat

Asem

Bléwah

Blimbing

Blimbing wuluh

Cempedak

Barkas:Dhurèn.jpg
Durèn

Dhondhong

Dhuku

Dhuwet

Gedhang

Jambu

Jeruk

Katès

Kesemek

Klapa

Klèngkèng

Manggis

Nangka

Nanas

Pelem

Rambutan

Salak

Sawo

Semangka

Srikaya
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jeruk&oldid=1656637"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp