James Dewey Watson (miyos ingChicago,6 April1928) punika satunggiling èlmuwanbiologi molekul kabangsanAmérika Sarékat ingkang dipuntepangi mliginipun minangka salah satunggil panemu struktur molekulDNA. Panjenenganipun nampiBebungah Nobel Kadhokteran sesarengan kaliyanFrancis Crick lanMaurice Wilkins ing taun1962 margi panemon struktur molekul asem nukleat lan tegesipun kanggé pamindhahan informasi.
Watson nampi gelarB.A. sakingUnivèrsitas Chicago lan teras nampiPh.D. ingUniversitas Indiana taun1950. Watson pinanggihFrancis Crick nalika kekalihipun nyambut damel ingLaboratorium Cavendish ingUnivèrsitas Cambridge,Inggris. Wigatos dhumateng strukturDNA, kekalihipun damel modhel ingkang kasil dhatengasem nukleat taun1953. Ing taun1956 Watson pindhah dhateng Pérangan Biologi ingHarvard, ing pundi panjenenganipun nyinaoniRNA. Panjenenganipun dados dhirèkturCold Spring Harbor Laboratory ingLong Island,New York wiwit taun1968. Panjenenganipun sampun mbiyantu damel lembaga puniki dados pusat panlitèngenetikamolekuler lankanker, ing atawisipun topik sanèsipun. Watson nglampahakenHuman Genome Project ingNIH wiwit taun1988 dumugi taun1992.
Buku Watson ingkang laris sangetThe Double Helix, dipunterbitaken taun1968, nyariyosaken malih taun-taun risèt DNA.
Ing tanggal25 Oktober2007 James Watson ngunduraken dhiri saking posisinipun minangka kepala Cold Spring Harbor Laboratory. Perkawis puniki dipunjalari amargi pranyatanipun ingkang dipunanggep asifatrasis utawieugenetis, kakait kaliyan kambotensagetan bangsa-bangsaAfrika salabeting damel kagesanganipun saya saé lan tiyang kulit cemeng ingkang dipunanggep boten kompetèn. Amargi pranyatanipun puniki, sapérangan lembaga akadhemik ing Inggris mbatalaken undhangan dhumateng piyambakipun kanggé wicara ing sangajengipun publik lan lembaga ingkang dipunpimpin nyekors piyambakipun.
Taun-taun sadèrèngipun, panjenenganipun ugi naté nelakaken bilih satunggiling ibu saénipun dipunidinaken ngguguraken kandhutanipun manawi dipunmangertos yoga ingkang dipunkandhut mbetagenhomoseksual.
Panjenenganipun naté ugi nelakaken bilih wonten kamungelan kaitan antawis warna kulit lan "nafsu sèksual" (sexual prowess), sarta antawis dhuwuring badan lan ambisi. Pranyatan kontrovèrsial sanèsipun inggih punika bilih kabodhoan (stupidity) punika lelara genetis ingkang kedah dipuntangani kanthi mèdhik.[3]
- ↑Watson is identified as an atheist by his acquaintance, Rabbi Marc Gellman.Trying to Understand Angry Atheists: Why do nonbelievers seem to be threatened by the idea of God?, by Rabbi Marc Gellman,Newsweek, April 28, 2006. Retrieved November 11, 2006.
- ↑When asked by a student if he believed in God, Watson replied "Oh, no. Absolutely not... The biggest advantage to believing in God is you don't have to understand anything, no physics, no biology. I wanted to understand."JoAnne Viviano (October 19, 2007)."Nobel Prize-winning scientist wows some, worries others". The Vindicator. Diarsip sakasing asli ing 2006-06-28. Dibukak ing2007-10-19.
- ↑Controversial Nobel winner resigns CNN Online 25 Oktober 2007. Dipunaksès 26 Oktober 2007
|
---|
1901–1925 | |
---|
1926–1950 | |
---|
1951–1975 | |
---|
1976–2000 | |
---|
2001–saiki | |
---|