Jalak putih[1] | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Passeriformes |
Famili: | Sturnidae |
Génus: | Acridotheres |
Spésies: | A. melanopterus |
Jeneng binomial | |
Acridotheres melanopterus (Daudin, 1800) | |
Sinonim | |
Sturnus melanopterus |
Jalak putih (Acridotheres melanopterus) iku sawijining spésièsJalak ing kulawargaSturnidae. Manuk iki kalebu kéwan èndemik ing Indonesia.
Spésiès iki ing wiwitan dilebokaké ing génus Sturnus, nanging banjur dilih menyang génus Acridotheres amarga nilik saka pakulinan manuk iki lan sadulur-seduluré ing génus Acridotheres.[3]
Jalak putih dawané watara 23 centimetres (9.1 in) . Wuluné putih saka siran, gulu, dhadha , lan déné buntut lan péranganing suwiwi nggilap ireng. Ing pucuké buntut lan péranganing suwiwi uga ana warna putih. Kulit saubengé mripat tanpa wulu lan kuning. Manuk lanang lan wadon rupané mèmper, lan manuk enom sing kaya wong diwasa kajaba endhas lan geger sing warna abu-abu.
Manuk iki duwé habitat ing alas tropis kang garing, ing laladan cendhèk nganti 2400 mèter saka sagara.
Jalak putih mangan warna-warna panganan, kalebu woh, néktar lan gegremet. Manuk iki golèk pangan ing golongan cilik utawa pasangan ing wit-witan lan ing lemah. Nalika wengi mlumpuk bebarengan lan kadhangkala bareng spésiès jalak liya umpamanéjalak bali. Ungsumé tumangkar racaké ora bebarengan, gumantung saka papané. Manuk ing Jawa kulon biyasa tumangkar saka Maret nganti sasi Mèi, nanging ing Bali watara sasi Juni. Manuk iki kalebu monogami, Nyusuh ing bolongan wit-witan utawa selan watu.