Jalak Bali | |
---|---|
![]() | |
Jalak Bali ing Kebon Kéwan Brookfield | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Passeriformes |
Famili: | Sturnidae |
Génus: | Leucopsar Stresemann, 1912 |
Spésies: | L. rothschildi |
Jeneng binomial | |
Leucopsar rothschildi Stresemann, 1912 |
Jalak Bali gadhah nama LatinLeucopsar rothschildi.[1] Jalak bali punika nama aslinipuncurik bali.[1]Peksi jalak bali punika dawanipun boten langkung saking25cm.[1] Kajawi punika ciri sanèsipun inggih punikawulunipun ingkangpethak resik saha wonten ing pucukingbuntut sahalar awernacemeng.[1] Jalak bali gadhah warnibiru wonten ing sakupengipun soca saha sikil.[1] Werni punika sangsaya ndamel peksi jalak bali katingal saé.[1] Jalak bali kathah dipunremeni tiyang amargi swantenipun ingkang saé.[1]
Jalak bali punika salah satunggaling kéwanéndemik amargi namung saged kapanggih wonten ingBali.[1] Nanging wonten ugi jalak bali ingkang gesang wonten ing panggènan sanès, punika amargi jalak bali sampun dipuntengkaraken.[1] Nanging jalak bali ingkang dipuntengkaraken punika namung manggèn wontenkandhang.[1] Panggènan punika kados ta wonten ingÉropah,Jepang,Jawa.[1]
Jalak bali kalebet kéwan ingkang langka amargi kathah ingkang mburu, kejawi punika lingkungan ingkang risak wonten ingTaman Nasional Bali Kilèn.[1] Miturut panalitèn, cacahipun peksi punika namung kantun welasan.[1] Mangsa kawin jalak bali punika nalika wulanOktober ngantosNovember.[1] Jalak bali ndamelsusoh wonten ingwit-witan ingkang inggilipun kirang saking175 cm.[1] Jalak bali punika remen semak saha wit-witan ing panggènan ingkang wiyar saha caket kaliyan wana ingkang ngrembuyeng.[1] Nalika rumuyin jalak bali asring ndamel susoh wonten ingkebonklapa sawit caketgriya-griya pandhudhuk.[1] Karemenan gesang wonten ing panggènan-panggènan punika ingkang ndadosaken peksi jalak bali gampil dipuncepeng tiyang.[1] Kanggé njagi populasi jalak bali supados boten cures kedah dipuntengkaraken saha njagi habitat jalak bali.[1]
Nalika taun1991 jalak bali dados lambangfauna Provinsi Bali.[2]
![]() | Artikel bab kéwan iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké. |