Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Jakartah

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Panagara Mirunggan Kuthagara Jakartah
(DKI Jakarta)
Jayakarta, Batavia
Lambang
Lambang
Bunderan HI
Sesanti: "Jaya Raya"
("Jaya dan Besar (Agung)")
[[File:
Peta
Peta Jakarta
|center|250px]]
Dina dadi22 Juni1527 (umur 498)
Kutha krajanJakarta Pusat
Tlatah
 - Gunggung ambané7.659,02[1] km2
 - Ambané pawarihan661,52 km2
 - Ambané wewengkon banyu6.997,50 km2
 - Latitude5° 19' 12"-6° 23' 54"LS
 - Longitude106° 22' 42"-106° 58' 18"BT
Cacah jiwa
 - Gunggung10.305.408[2]
 - Pepadhet1.973,34 jiwa/km2
Pamaréntahan
 - GubernurPramono Anung
 - WagubLowong(tidak ada)
 - SèkdaSaefullah
APBDRp60.442.738.783.978,-[3](total)
 - PADRp40.355.853.087.978,-[3]
Démografi
 - ÉtnisJawa (35.94%)
Betawi (28.10%)
Sunda (14.52%)
Tionghoa (6.58%)
Batak (3.40%)
Minang (2.83%)
Melayu (0.99%)
Madura 0.83%
Bugis 0.71%
Suku Lainnya (6.10%)[4]
 - AgamaIslam (83.43%)
Kristen Protèstan (8.63%)
Katolik (4.00%)
Buddha (3.74%)
Hindu (0.19%)
Konghucu (0.01%)
Aliran Kepercayaan (231 jiwa)[5]
 - BasaIndonésia,Betawi,Jawa,Tionghoa,Sunda,Inggris
Zona wèktuWIB (UTC+7)
Lagu dhaèrahKicir-Kicir
Omah tradhisionalRumah Bapang/Kebaya
Gaman tradhisionalGolok
Situs wèbwww.jakarta.go.id

Jakartah utawaPanagara Mirunggan Kuthagara Jakartah (Indonésia:Daerah Khusus Ibukota Jakarta), dipuncekakDKI Jakarta, punika kuthagaraRépublikIndonésia lankutha ingpuloJawa ingkang paling ageng. Jakarta gadhah kang ndunungi cacahipun 10 yuta jiwa. Nanging wonten ing tlatah Jakarta Raya utawiJabotabek cacahipun kang ndunungi langkung saking 17 yuta. Lagu kabangsané punika Mars DKI Jakarta

Dasar ukum tumrap DKI Jakarta inggih punikaUndhang-Undhang Républik Indonésia Nomer29 taun2007, prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Jakarta minangka ibu kithaNagara Kesatuan Républik Indonésia. UU punika nggantosaken UU Nomer 34 taun1999 prakawis papréntahan Provinsi Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta sarta UU Nomer 11 taun1990 prakawis Susunan papréntahan Daerah Khusus Ibukota Nagara Républik Indonésia Jakarta ingkang kalih-kalihipun sampun boten angka anggé malih.

Jakarta gadhah status satingkat provinsi lan dipunpimpin déning satunggalinggubernur. Bènten kaliyan provinsi sanès, Jakarta namung gadhah pamérangan ing sangandhapipun wujud kitha administratif lan kabupatèn administratif, ingkang tegesipun boten gadhah perwakilan rakyat piyambak. Kanthi makaten, DKI Jakarta namung gadhahDPRD Provinsi lan boten gadhahDPRD Kabupatèn/Kitha.

Asaling nami

[besut |besut sumber]

Laladan menika sampun kaping sapinten-pinten gumantos ing nami ing sawetara mangsa kados kang kapacak ing andhap menika:[6]

  • Sunda Kelapa (397—1527)
  • Portegal Jayakarta (1527—1619)
  • Nèderlan Batavia (1619—1942)
  • Jepang Djakarta Tokubetu Si (1942—1945)
  • Indhonésia Djakarta (1945—1972)
  • Indhonésia Jakarta (1972—samenika)

Nami "Jakarta" sampun kaagem wiwit mangsa palungguhanJepang nalika warsa 1942 kagem nyebat laladan tilasGemeente Batavia ingkang dikukuhaken pamaréntah Hindia Belanda ing warsa 1905. Nami "Jakarta" inggih menika kacekakan saking tembungJayakarta ingkang asalipun saking basa Sanskerta जयjaya (kamimpangan), lan कृतkrta (karaharjan), mulaJayakarta ateges "kitha kamimpangan lan karaharjan". Nami punika kacaosaken tiyang-tiyangDemak lanCirebon ing andhaping pangwasanipun Fatahillah salajengipun nyerang lan saged lumungguhi palabuhan Sunda Kelapa rikala surya kaping22 Juni 1527 saking cekelan Portugis.

Nami menika kapertalaken minangka "kitha kamimpangan" utawi "kitha kajayan". Senadyan mekaten, sajatosipun ateges "kamimpangan ingkang kagayuh dening tindak utawi upaya" amargi asalipun saking tembungSanskerta kalih inggih menikaJaya (जय) ingkang ateges "kamimpangan" lanKarta ingkang ateges "kagayuh".

Rupa sanes panyeratan nami kitha menika sampun dangu kaagem. Sajarawan Portugis, João de Barros ingDécadas da Ásia (1553) nyebataken kawonten "Xacatara kaliyan nami sanesCaravam (Karawang)"

Satunggaling babon saking Banten ingkang dipunwaos juru epigrafi Van der Tuuk sampun nyebat ugi ukarawong Jaketra, inggih menika namiJaketra kawastanan ugi salebeting lelayanganKasultanan Banten lanSajarah Banten kados déné ditlitèni Hoessein Djajadiningrat. Lapuran Cornelis de Houtman ing warsa 1596 nyebat Pangeran Wijayakrama minangkakoning van Jacatra (raja Jakarta).

Sajarah

[besut |besut sumber]

Sunda Kalapa (397 - 1527)

[besut |besut sumber]
Replika MonumenKarajan Sunda

Wiwitané Jakartah kondhang katepang minangka salah sawijining palabuhaningKarajan Sundha ingkang gadhah namiSunda Kalapa, mapan wonten ing muwarakali Ciliwung. Kutha krajan karajan Sundha ingkang katepang minangka Dayeuh Pakuan Padjadjaran utawiPajajaran (sakmenikaBogor) saged kalampahan saking palabuhan Sunda Kalapa sajroning kalih dinten palampahan.

Miturut sumberingPortugis, Sunda Kalapa inggih menika salah sawijining palabuhan gadhahanKarajan Sundha sasanèsipun Palabuhan Banten, Pontang, Cigede, Tamgara, kaliyan Cimanuk. Sunda Kalapa ingkang sajeroning babon menika kawastanan ugi minangka Kalapa kaanggep minangka palabuhan ingkang wigatos piyambak amargi saged katekan saking kutha krajaning karajan ingkang kasebat kanthi namiDayo (sajeroningbasa Sundha modhèren,dayeuh ateges kutha krajan) sajeroning palampahan kalih dinten.

Karajan Sundha piyambak menika kalajenganKarajan Tarumanagara rikala abad kaping-5 ngantos dumugi palabuhan menika dipunraos sampun jumeneng wiwit abad kaping-5, saha dipunraos dumadi kutha krajaningKarajan Tarumanagara ingkang kasebatSundapura (mawi basa Sanskerta ingkang ateges "Kitha Sundha").

Rikala abad kaping-12, palabuhan menika kesuwur minangka palabuhan lada ingkang epyek. Prau-prau manca sakingTiongkok,Jepang, India Kidul, kaliyan Wetan-Tengah sampun alabuh ing palabuhan menika, mbekta gramèn kados porselèn, kopi, sutra, kain, wewangèn, jaran, anggur, lan zat werni ingkang dipunijoli kaliyan rerempahan ingkang dumadi gramèn.

Jayakarta (1527-1619)

[besut |besut sumber]

BangsaÉropah kaping pisan ingkang dugi ing Jakarta menika BangsaPortugis. Rikala abad kaping-16, Surawisesa, ratuning Karajan Sundha, nyuwun pambiyantoning Portugis ingkang manggèn wontenMalaka tumrap ambangun bètèng ing Sunda Kalapa minangka panjangkungan mbok menawi katindakaken panyerangan saking pasukanCirebon ingkang badhe pegat sakingKarajan Sundha.

Upaya panyuwunan pambiyantoning Surawisesa marangPortugis ing malaka kaprasetyakaken déning tiyang Sundha sajeroning criyos pantun séloka Mundinglaya Dikusumah, ingkang pundi Surawisesa kasebataken kanthi asma agungipunMundinglaya.

Ananging, sakderengipun kalampahan jumenengipun bètèng kasebat wau,Cirebon ingkang dipunréwangi Dhemak anyerbu palabuhan punika. Patemton dinten jumenengipun Jakartah ingkang surya kaping 22 Juni déning walikutha Sudiro ing warsa 1956 adhedhasar mring palenggahan Sunda Kalapa déning Fatahillah rikala warsa 1527.

Nami kitha dipungantos Fatahillah dumadi Jayakarta ingkang ateges "kitha kamimpangan". Jayakarta piyambak asalipun saking tembung Sanskerta cacahé kalih inggih menikaJaya ingkang ateges "kamimpangan" sahaKarta ingkang ateges "kagayuh". Salajengipun,Sunan Gunung Jati sakingKasultanan Cirebon, asung pamrentahan ing Jayakarta marang putranipun Maulana Hasanuddin saking Banten ingkang jumeneng sultan ingKasultanan Banten.

Geograpi

[besut |besut sumber]
Tampilan segitiga emas ing Jakarta

Jakarta jembaré 661,23 km2 (255,30 sq mi), sing paling cilik ing antarané provinsiIndonésia. Nanging, wilayah metropolitane jembaré 6.392 km2 (2.468 sq mi), sing ngliwati rong provinsi sing wewatesan ingJawa Kulon lanBanten. Wilayah Jabodetabek kalebu telung kabupaten sing wewatesan (Kabupaten Bekasi,Kabupaten Tangerang lanKabupaten Bogor) lan lima kutha ing jejere (Bogor, Depok, Bekasi, Tangerang lan Tangerang Selatan).

Kali Ciliwung ing belakang RSCM, Jakarta

Jakarta dumunung ing pesisir kulon-lor Jawa, ing muaraKali Ciliwung ing Teluk Jakarta, sawijining inlet ing SegaraJawa. Dumunung kanthi strategis ing cedhakSelat Sundha. Ing sisih lor Jakarta minangka dharatan, sawetara wilayah ing ngisor permukaan laut, lan kerep ngalami banjir. Pérangan kidul kutha iku berbukit-bukit. Kutha iki minangka salah siji saka rong kutha ibukutha Asia sing dumunung ing belahan bumi sisih kidul (bebarengan karoTimor Wetan).

Insfrastruktur

[besut |besut sumber]

Kanggo ngowahi kutha dadi luwih bisa diuripake, proyek regenerasi kutha sepuluh taun ditindakake, kanthi regane Rp 571 triliun. Proyek kasebut nduweni tujuan kanggo ngembangake prasarana, kalebu nggawe sistemtransportasi umum terpadu sing luwih apik lan perbaikan sistem banyu resik lan banyu limbah, omah, lan sistem kontrol banjir kutha.

Panorama ingMonumen Nasional, Jakarta

Kutha iki ngutamakake pembangunan jaringan dalan, sing biasane dirancang kanggo nampung kendaraan pribadi. Ciri khas saka sistem dalan Jakarta saiki yaiku jaringandalan tol. Dumadi saka dalan lingkar njero lan njaba lan limang dalan tol sing metu saka njaba, jaringan kasebut nyedhiyakake sambungan kutha njero lan njaba. Kabijakan 'ganjil-genap' mbatesi panggunaan dalan kanggomobil kanthi pelat registrasi ganjil utawa genap ing dina tartamtu minangka langkah transisi kanggo ngenthengake kemacetan lalu lintas nganti introduksi rega dalan elektronik ing mangsa ngarep.

Transportasi

[besut |besut sumber]

Sepur Listrik Komuter

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Sepur Listrik Komuter
Sepur Listrik seri iE305 lagi diujicoba ing LintasJakarta Kota -Bogor mandheg ingJayakarta

Sepur Listrik Komuter utawa KRL Commuter Line ya iku tata tetumpakan rikat mubeng kanthi ril listrik sing dioperasikaké déning PT Kereta Commuter Indonesia (KAI Commuter), anak parusahan sakaPT Kereta Api Indonesia (Persero) (PT KAI). KRL wis ana ing tlatah Jakarta wiwit taun1925, nganti saiki nglayani jalur mubeng ing tlatah Jabodetabek.

MRT Jakarta

[besut |besut sumber]
Artikel utama:MRT Jakarta
MRT memasukiMRT Lebak Bulus

Moda Raya Terpadu Jakarta (dicekak MRT Jakarta utawa MRTJ, Inggris: Jakarta Mass Rapid Transit) ya iku tata tetumpakan rikat ing tlatah Jakarta. Pangembangan jinis tetumpakan iki kawiwitan ing taun 2013. Jalur kapisan layanan MRT Jakarta dioperasikaké tanggal 24 Maret 2019, kang dadi layanan MRT kapisan sing ana ing Indonesia.

LRT Jakarta

[besut |besut sumber]
Artikel utama:LRT Jakarta
LRT Jakarta nglayani rute Velodrome - Pegangsaan Dua

Lintas Rel Terpadu Jakarta (disingkat LRT Jakarta) ya iku sistem rel terpadu sing beroperasi ing Daerah Khusus Ibukota Jakarta. Saiki, LRT Jakarta nduweni jalur 5,8 km (3,6 mi) sing nglayani enem stasiun. LRT Jakarta diduweni lan dikembangake dening Pemprov DKI Jakarta. Layanan kasebut dioperasèkaké déning PT LRT Jakarta, anak perusahaan PT Jakarta Propertindo (Perseroda), sawijining perusahaan milik regional.

LRT Jabodebek

[besut |besut sumber]
LRT Jabodebek ing Cawang

Lintas rel Terpadu Jabodebek (Jabodebek LRT) minangka sistem transit rel terpadu sing dumunung ing wilayah Jabodebek. Kaya jenenge, sistem transit rel terpadu iki nglayani wilayah Jakarta,Bogor,Depok, lanBekasi, sing dadi bagian saka Daerah Khusus Ibukota Jakarta (DKI) lan ProvinsiJawa Kulon. LRT Jabodebek wiwit beroperasi tanggal28 Agustus2023, sawise diresmikake dening Presiden RIJoko Widodo. Iki dioperasèkaké déningPT Kereta Api Indonesia (Persero).

Transjakarta

[besut |besut sumber]
Artikel utama:Transjakarta
BisListrikTransjakarta mandheg ingPulo Gadhung, Jakarta Wétan

Transjakarta minangka jaringan bus terpadu (BRT) pisanan ingAsia Kidul-wetan lan Kidul, sing wis beroperasi wiwit taun 2004 ing Jakarta,Indonesia. Sistem iki dirancang adhedhasar sistem TransMilenio ingBogotá,Kolombia. Transjakarta dirancang minangka moda transportasi massal kanggo nyengkuyung aktivitas ibukutha sing padhet banget.

Pusat Integrasi Antarmoda

[besut |besut sumber]
Pusat Integrasi CSW ing malem hari

CSW minangka stasiun interchange transit umum lan zona pangembangan transit-oriented antarane papat stasiun BRTTransjakarta lan stasiunMRT Markas ASEAN ing Centrale Stichting Wederopbouw lawas (lit. 'Central Foundation for Reconstruction') utawa persimpangan CSW ingKebayoran Baru, Jakarta Kidul,Indonesia. Bangunan iki minangka jembatan persimpangan bunder sing bentuke cakram, yen katon saka ndhuwur, sing nyambungake papat stasiun BRT sing ana ing sisih kulon, wétan lan kidul prapatan, lan stasiun MRT ASEAN ing sisih lor. Bangunan iki wiwit dibukak tanggal22 Desember 2021 kanggo integrasi bus rapid transit lan MRT.

Dukuh Atas

[besut |besut sumber]
Setatsiyun Sudirman
Setatsiyun LRT Jabodebek Dukuh Atas BNI
HalteTransjakarta Dukuh Atas

Dukuh Atas iku sawijining wilayah pembangunan transit-oriented antaraneJakarta Pusat lanJakarta Kidul,Indonesia. Iki dibangun minangka bagéan saka mbangun sawetara pembangunan transit oriented liyane ing Jakarta kanggo nggampangake commuters kanggo transfer antarane macem-macem moda transportasi umum.

Pranala njawi

[besut |besut sumber]
Péta Jakarta
Kotamadya
Jakarta Kidul
Jakarta Kulon
Jakarta Lor
Jakarta Pusat
Jakarta Wétan
Kabupaten
Kapuloan Seribu
Kuthagara:Jakartah
Sumatra
Garuda Pancasila
Jawa
Kalimantan
Nusa Tenggara
Sulawesi
Maluku lanPapua

Referensi

[besut |besut sumber]
  1. "GEOGRAFIS JAKARTA". jakarta.go.id. 1 Januari 2008. Diarsip sakasing asli ing 19 April 2016. Dibukak ing12 April 2016.
  2. "Provinsi DKI Jakarta Dalam Angka 2017"Archived 2017-10-26 at theWayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
  3. 12"jakarta.go.id: APBD". Diarsip sakasing asli ing 2017-10-10. Dibukak ing2017-10-13.
  4. Archived 2017-07-12 at theWayback Machine., diakses tanggal 23 Agustus 2017
  5. "Penduduk DKI Jakarta Berdasarkan Agama 2016"Archived 2017-10-22 at theWayback Machine., diakses tanggal 17 September 2017
  6. "Beragam Nama Jakarta Sejak Tahun 397 hingga Sekarang".Sindonews (ing basa Indonesia). 8 april 2022. Diarsip sakasing asli ing 2023-06-21. Dibukak ing8 Juni 2023.{{cite web}}:Check date values in:|date= (pitulung);Unknown parameter|dead-url= ignored (|url-status= suggested) (pitulung)


Artikel iki minangkaartikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédiangembangaké.
Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Jakartah&oldid=1740555"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2026 Movatter.jp