Jacques Derrida miyos ingAljazair nalika tangggal 15 Juli 1930.[1] Ing warsa1949 panjenenganipun pindhah dhateng nagariPrancis, lan ing Prancis panjenenganipun manggèn ngantos tilar donya.[1] Panjenenganipun mucal ingÉcole Normale Supérieure ing kithaParis.[1] Tiyang sepuhipun ingkang asma Aimé Derrida lan Georgette Sultana Esther Safar, palakrami ing warsa1923 lan pindhah dhatengSt.Agustinus ingAljazair nalika warsa1925.[1] Ing taun ingkang sami Rene Derrida (putrinipun Aimé lan Georgette) miyos lan sekawan taun salajengipun Paul Derrida (rayinipun Rene) miyos.[1] Nanging tigang wulan sasampunipun Paul tilar donya.[1] Nalika warsa1930 Jackie Derrida miyos.[1] Ing wekdal salajengipun panjenenganipun nyebat kanthi sesebatan "Jacques".[1] Sadangunipun gesang, panjenenganipun tansah cubriya mbokbilih panjenenganipun namung dados panggantosipun kangmasipun, Paul.[1] Derrida kalebet trahYahudi.[1] Panjenenganipun naté pikantuk kanugrahandoctor honoris causa ingUniversitas Cambridge.[1] Nalika tanggal 9 Oktober 2004, panjenenganipun tilar donya ing yuswa 74 warsa amargi gerahkanker.[1]
- 123456789101112131415[Jason Powell. 2006.Jacques Derrida: A Biography. London: Continuum. 50, 11, 149, 158.]
- ↑[Dawne McCance. 2009. Derrida on Religion: Thinker of Difference. London: Equinox Publshing. kaca 22]