Jacques René Chirac (lair ingParis,Prancis,29 Novèmber1932; umur 93 taun) inggih punika pulitikus lan mantan Présidhèn Républik Prancis. Piyambakipun njabat ing période17 Mèi1995-16 Mèi2007. Piyambakipun wangsul malih taun 2002 kanthi pemilu présidhèn kalih puteran. Jabatanipun paripurna taun 2007, kajawi dados présidhèn, piyambakipun ugi dados ex officio Ko-Pangéran Andorra lan Grand Master Légion d'honneur. Piyambakipun dipungantosakenNicolas Sarkozy tanggal6 Mèi2007.
Chirac miyos ing Paris taun 1932, sabibaripun sinau wonten d'Etudes Politiques de Paris lan École Nationale d'Administration, Jacques Chirac miwiti padamelanipun minangka pegawé negri ingkang jabatanipun paling inggil, lan salajengipun mlebet wonten donya pulitik. Kawit punika piyambakipun lenggah ing mawarni-warni kalungguhan sénior, kados déné Mantri Pertanian, Mahamantri, Wali kitha Paris, lan Présidhèn Prancis.
Taun 1956, piyambakipun krama kaliyan Bernadette Chodron de Courcel, lan pikantuk kalih laré, Laurence lan Claude. Claude sampun dangu dados asistèn pribadinipun lan rèncang wonten ing urusan gayutanmasarakat. Chirac tiyang ingkang agaminipunKatulik Roma.
Chirac saha garwanipun Bernadette kanthi boten resmi ngangkat laré, Anh Dao Traxel, ingkang dipunaturi lenggah wonten ing dalemipun taun 1979, nalika Anh Dao gadhah yuswa 21 taun.