Movatterモバイル変換


[0]ホーム

URL:


Menyang kontèn
WikipédiaBauwarna mardika
Golèk

Iwak koi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Iwak Koi

Iwak koi kalebuiwakhias kang akèh sing seneng.[1] Saliyané ngopèni minangkahobi, iwak koi uga bisa didadèkaké bisnis kang apik.[1] Iwak koi asalé sakaiwak mas.[1] Iwak iki yaiku iwak nasional nagaraJepang.[1] Ing nagara Jepang iwak koi dianggep iwakDéwa.[1] Ing nagara Jepang koi karankai kang artinéiwak berwarna.[1] Akèh vèrsi kang ngrembaka ngénani asal mausul koi.[1] Salah sijiné yaiku asalé sakaPèrsi, banjur digawa ing Jepang déning wongCina ngléwati daratan Cina lanKoréa.[1] Koi saka Jepang pertama kali dieksport marangSan Fransisco,Amérikah Sarékat (1938).[1] Bibar iku banjur dikirim marangHawai (1947),Kanada (1949), lanBrasil (1953).[1]Wondéné lumebu Indonésia ditaksir kira-kira taun 1981-1982 digawa déningHany Moniaga,hobiis kang manggon ana ingCipanas,Cianjur, Jawa Barat.[1] Déwéké banjur ngembangaké ternak koi kang jenengLeon lanLeonny.[1] Nanging layang Bauwarna taun 1898 uga wis nyebutake anane iwak waderkok kang asale saka Cina wis ana ing tanah Jawa kanggo lan maneh sisan diterangake pangupakarane.[2] Majalah Kajawen ing taun 1937 uga nerangake anane iwak waderkok kang diingu mingka klangenan.[3] Dene saka katrangan kang kababar ing kono ora liya maneh kang diarani waderkok yaiku kang saiki kaaran iwak koi.

Jinis Iwak Koi

[besut |besut sumber]
Barkas:Jinis Iwak Koi.jpg
Jinis Iwak Koi

Jinis utawa kelompok iwak koi miturut pola lan variasi warna kapérang dadi 4.[4] yaiku:

Werna Tunggal

Jeneng IwakVariasi warna awak
ShiromujiPutih
Benigoi, Higoi, AkagoiKabèh abang
KigoiKuning
KingoiKeemasan
GingoiPutih Keperakan
Karasugoi, SumigoiKabèh ireng

2 Werna

Jeneng iwakVariasi warna awak
KohakuAwak warna putih kanti warna abang nutupi sapérangan geger
Tancho-kohakuPutih-abang, ndase belang
Shiro-bekkoPutih belang ireng
Shiroutsuriireng belang putih
Ki UtsuriIreng belang kuning
Hi utsuriIreng belang abang
Aka-bekkoAbang belang ireng
AsagiBiru-Abang

3 Werna

Jeneng iwakVariasi warna awak
Taisho-sanshokuWerna awak putih kanti corak warna abang, nanging campur karo ireng
Showa-sanshokucampuran antarané ireng, abang, lan putih ing sekabehane awak

4 Werna utawa luwih

Jeneng iwakVariasi warna awak
Goshiki5 warna

Cara budidaya iwak koi

[besut |besut sumber]

Milih iwak koi kang apik (duwé kuwalitas)

[besut |besut sumber]

Kang perlu digatèkaké sakjroné milih iwak koi yaiku:

  1. Wujud awak (lurus, bunder nanging ora terlalu lemu).[5]
  2. Gayané renang (tenang kandang nglenggak-nglenggok kanti imbang).[5]
  3. Warna lan pola warna (cemerlang, jelas).[5]
  4. Keséhatan (aja milih koi kang lemes).[5]
  5. Ora gelem obah lan senengé ana ing dhuwur terus).[5]

Nyiyapaké blumbang kang trep

[besut |besut sumber]

Blumbang kanggo iwak koi kudu resik, kanggo dhapuré bisa pasagi panjang utawa bundér.[6] Sing wigati aja lali gatékaké kuwalitas banyu, yaiku kudu 24-26drajat celsius.[6] pH 7,2-7,4.[6] Kandutankarbon dioksida maksimal 10 pp, dan kandhutannitrit maksimal 0,2.[6]

Pakan

[besut |besut sumber]

Pakan kang diwènèhaké bakal ngaruh kanggo tampilan warna iwak koi.[6] Pakan kang apik kanggo iwak koi yaiku pakan kang akèh ngandut protèin héwani lan nabati lan duwémultivitamin. Kebutuhan pakan iwak koi yaiku 3-5 saka jumlah bobot iwak.[6]

Penyakit

[besut |besut sumber]

Iwak koi kalebu iwak kang ora tahan banting.[7] Mula saka iku iwak koi kalebu ringkih marang sawatara lelara.[7] Kang kerep dikeluhaké déning para peternak iwak koi yaiku infeksi jamur. Anata jamur kang kerep nginfeksi yaiku:

  1. Saprolegnia
  2. Branchiomycosis
  3. Icthyophonus
  • Panen

Dawa iwak koi kang wis bisa dipanen yaiku kira-kira 20 cm.[6] Aja lali misah-misahaké ukuran dawa iwak koi ing wayah panèn supaya gampangaké anggoné ngétung asilé.[6]

Cathetan sikil

[besut |besut sumber]
  1. abcdefghijkl[1]Archived 2012-10-12 at theWayback Machine., Kaunduh 2/10/2012.
  2. Padmasusastra.Layang Bauwarna - 1898 (ing basa Jawa).
  3. Pustaka, Balai.Kajawen 1937 - 1937 (ing basa Jawa).
  4. [2][pranala mati permanèn], Kaunduh 2/10/2012.
  5. abcde[3]Archived 2016-03-10 at theWayback Machine., Kaunduh 3/10/2012.
  6. abcdefgh[4], Kaunduh 3/10/2012.
  7. ab[5]Archived 2013-09-02 at theWayback Machine., Kaunduh 3/10/2012.

Pranala njaba

[besut |besut sumber]

[6]Archived 2012-10-12 at theWayback Machine.[7][pranala mati permanèn][8]Archived 2016-03-10 at theWayback Machine.[9][10]Archived 2013-09-02 at theWayback Machine.

Dijupuk saka "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Iwak_koi&oldid=1699662"
Kategori:
Kategori ndhelik:

[8]ページ先頭

©2009-2025 Movatter.jp