Iwak bawal utawacolossoma macropomum ya ikuiwak banyu tawa unggulan kang dibudidayakaké.[1] Sacara lumrahé iwak bawal kapérang dadi loro ya ikubawal putih lanbawal ireng nanging bawal putih kang luwih diminati karo masarakat.[1]Iwak bawal banyu tawa ingIndonésia duwé sajarah rodok béda sithik karo jinis iwak liyané. Akèh-akèhé iwak kang ana ing Indonésia bisané yèn ora didadèkakéiwak konsumsi, iwak mau didadèkakéiwak hias. Nanging iwak bawal banyu tawa malah bisa didadèkaké keloro-loroné. Nalika wektu isih cilik, iwak bawal banyu tawa didadèkaké iwak hias, nanging iwak kang wis gedhé didadèkaké iwak kang dipangan (konsumsi). Nganti saiki sak liyané didol minangka iwak hias, iwak bawal uga didol minangka iwak kang dikonsuksi. Iwak bawal didadekaké iwak hias iku wajar baé amarga dhapuré kang unik, gèpèng kayaiwak discus. Kajaba iku wernané uga apik, lan duwé sipat nggrombol yèn di-engu kanti jumlah kang akèh. Mangka saka iku iwak iki, mligi kang isah cilik, kerep di-engu ingakuarium kang dawa ing omah.[2]
Iwak bawal dadi konsumsi iku uga wajar amarga gedhené rikat lan bisa nganti ukuran (500 gram). Saka hasil percobaan lan pengalaman para wong tani, iwak bawal kang umuré 6 minggu wis bisa ngasilaké bobot 3 gram, umur 12 minggu bisa ngasilaké bobot nganti 25 gram, umur 6 wulan wis bisa dikonsumsi ya iku kanti bobot 500 gram.Ing habitaté iwak bawal bisa nganti bobot 30 kg sajeroning jumlah kang akèh.[2]
Dideleng saka asal usulé, Iwak bawal dudu iwak asli Indonésia. Nanging asalé iwak bawal sakanagari Samba,Brazil. Iwak iki digawa marang Indonésia déning paraimpotir iwak hiasSingapura lan Brazil ingtaun 1980. Saliyané Marang Indonésia, iwak bawal uga wis kasebar meh kabèh nagara. Ing saben nagara iwak iki duwé jeneng kang béda-béda. Ing Indonésia iwak iki karan bawal amarga meh padha karobawal laut, ingAmérika lanInggris karanred belly pacu, ingVenezuela karancachama. Ing nagara asalé iwak bawal karantambaqui. Anata jeneng ngèlmiahé ya ikuColossoma macropomum.[2]
Kandutangizi kang ana ing iwak bawal ya iku: